Waosan: Rum 3 : 21 – 31 | Pamuji: KPJ. 69
Nats: “… yen manungsa iku anggone kabenerake awit saka pracaya …” (Ayat 28)
Sinten ingkang mboten tepang kaliyan swargi Didi Kempot? Artis kondhang saking tlatah Jawa Tengah. Senadyan sampun tilar donya, nanging para penggemaripun ingkang dipun wastani ‘sobat ambyar’ taksih remen nembangaken tembang-tembangipun Didi Kempot punika. Tembang saking Didi Kempot punika pancen mboten namung apik, nanging ugi saged nrenyuhaken manah. Salah satunggaling tembang ingkang kasuwur, inggih punika ingkang judulipun suket teki. Tembang punika nyariosaken kados pundi raosing loro ati nalika nresnani lan tumindak sae nanging dipun wales ala. Mekaten gambaran tumindaking manungsa gegayutan kaliyan Gusti. Manungsa asring nindakaken tumindak ingkang mboten sarujuk kaliyan karsanipun Gusti.
Pramila supados kita dados tiyang ing tumemen nindakaken karsanipun Gusti, kita kedah nyumerepi paugeran lan pranatan ingkang leres. Awit punika ingkang dadosaken gesang kita lumampah kanthi prayogi. Mekaten tumrap para umat kagunganipun Gusti ingkang sampun kabeneraken dening Gusti. Saking sih kamirahanipun Gusti ingkang tanpa winates, kita nampi kawilujengan saking Gusti (Ay. 24). Mila gesang kita kedah netepi paugeran lan pranatanipun Gusti kanthi saestu, kalandhesan tumindak ingkang leres lan pitados dhumateng Gusti.
Sabdanipun Gusti lumantar seratipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing kutha Rum, ngengetaken kita bilih mboten wonten satunggal manungsa ingkang saged kabeneraken ing ngarsanipun Gusti mawi cara kamanungsan. Sadaya reka dayaning manungsa supados saged lumebet ing kratoning Allah punika muspra lan nglaha. Sae kangge kita ngupadi nindakaken pranatan-pranatan agami ngantos dipun sebut tiyang saleh, misungsungaken kurban ingkang ageng, nanging kita kedah enget ingkang saged mbeneraken kita namung awit saking pracaya dhumateng Gusti Yesus Kristus kanthi saestu. Mangga kita nindakaken kabecikan, nindakaken pranatanipun Gusti minangka wujud sokur kita tumrap kawilujengan ingkang kita tampi. Sadaya punika kita lampahi tanpa kapeksan, nanging saestu karana katresnan kita dhumateng Sang Kristus Yesus Jatining Gesang kita. Amin. [SWS].
“Pracayamu ingkang mitulungi kowe”