Lumampah kanthi Bingah Pancaran Air Hidup 27 Desember 2021

27 December 2021

Waosan: Wulang Bebasan 8 : 32 – 36 | Pamuji: KPJ. 158
Nats: “Mulane, he bocah-bocah, padha rungokna dhawuhingSun, awit rahayu wong kang padha rumeksa marang dalan-dalaningSun.” (Ayat 32)

Kathah tiyang rumaos bingah menawi kagungan samubarang ingkang dipun pengini. Pramila, kathah ugi tiyang ingkang nglampahi sedaya pedamelan tanpa peduli punapa tumindak punika leres lan manut pitedahipun Gusti, punapa ingkang nyleweng saking marginipun Gusti. Ingkang dados paugeran namung “pokoke olehku akeh lan aku seneng”. Kabingahan gumantung kaliyan punapa ingkang dipun tampeni lan gadhahi kemawon.

Kitab suci nedahaken bilih kabingahan lan karahayon ingkang sejati punika sanes gumantung saking punapa ingkang dipun gadhahi lan tampeni ing gesang, ananging kabingahan lan karahayon punika gumantung kaliyan punapa ingkang kita tindakaken, inggih punika wohing pigesangan kita. Waosan kita dinten punika ngengetaken bilih anggen kita lumampah punika kedahipun kalambaran pemanggih bilih: “iki kabeh dak lakoni amarga aku mirengna dhawuhe Gusti. Senadyan tumindak iki ora nyenengake, tetep kudu dak lakoni amarga iki tumindak kang bener lan becik”. Pemanggih ingkang kados mekaten punika pratanda bilih tiyang punika badhe manggih kabingahan lan karahayon.

Kados pundi kaliyan gesang kita lan brayat? Menawi umumipun, kathah tiyang tumindak karana punika bab ingkang dipun remeni, tiyang pitados katimbalan tumindak karana punika bab ingkang leres, sae, lan wigati. Para tiyang sepuh ing satengahing brayat tansah kaatag mbangun gesang ingkang kados mekaten, supados para putra saged nulad tumindak punika. Kabingahan ingkang tansah dipun raosaken dening brayat inggih punika nalika tiyang sepuh lan para putra saged lumampah ing margining Gusti, ing pundia kemawon. Senaosa sejatosipun lelampahan punika awrat lan boten sekeca, nanging tansah dipun upadi, karana punika margining kabingahan. Pramila, sumangga tansah lumampah kanthi bingah, inggih lumampah ing margining Allah. Amin. [KRW].

“Kabingahan lan karahayon dados kagunganipun tiyang ingkang lumampah ing margining Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak