Waosan : Lukas 2 : 22 – 40 | Pamuji : KPJ. 242
Nats: “Dhuh, Pangeran, sapunika Paduka marengaken kawula kesah kalayan temtrem rahayu, miturut pangandika Paduka” (Ay. 29)
Punapa ingkang badhe karaosaken menawi pangajeng-ajeng kita sampun kelampahan? Umpaminipun pangajeng-ajeng pepanggihan kaliyan tiyang ingkang kita tresnani, ingkang dangu sanget boten pepanggihan. Mbok menawi raosing manah kita lega. Lega ateges raosing manah saged “plong” lan boten wonten ganjelan malih. Kados ketigan setahun pikantuk jawah sedinten. Kados dahar utawi ngunjuk sasampunipun siyam.
Nggih raos lega ingkang kados mekaten ingkang dipun raosaken dening Simeon, kados kacariosaken ing waosan kita dinten punika. Simeon sampun dangu anggenipun ngratos rawuhipun panglipuripun Israèl sarta ingayoman dening Sang Roh Suci. Wonten ing Padaleman Suci Simeon pepanggihan kaliyan Gusti Yesus, Sang Timur ingkang kala semanten kabopong dening rama lan ibunipun. Simeon lajeng mbopong Sang Timur kalawan memuji marang Gusti Allah, unjukipun: “Dhuh, Pangeran, sapunika Paduka marengaken kawula kesah kalayan temtrem rahayu, miturut pangandika Paduka”. Simeon rumaos lega sasampunipun pepanggihan kaliyan Gusti Yesus, Sang Timur, satemah saged ngraosaken katentreman.
Punapa kita ngraosaken prekawis ingkang sami, saksampunipun pepanggihan kaliyan Gusti Yesus, Sang Timur, ingkang nembe kita pangeti wonten ing pahargyan Natal? Inggih punika raosing manah ingkang lega, ayem tentrem lan bingah? Punapa kosok wangsulipun? Inggih punika manah ingkang boten sekeca, “galau”, awit kathahing momotaning gesang ingkang dereng saged karampungaken? Natal punika wujud anggen kita ngraosaken kados pundi tresnanipun Gusti Allah ingkang kawujud lumantar wiyosipun Gusti Yesus. Swawi kita sami bingah-bingah memuji mring Allah karana sedaya pakaryan lan katresnanipun ingkang ageng dhateng kita sedaya. Sumangga kita sami mbikak manah kita, supados “leganing manah” saged kita raosaken. Amin. (SWT).
“Sang Surya kang nembe prapta, linipur umatira”