Sinau Nilingake Dhawuh Renungan Harian 27 Desember 2019

27 December 2019

Waosan : Yokanan 5 : 1 – 12 | Pamuji  : KPJ. 234
Nats:
“ … wong mau tumuli dipangandikani “Kowe apa kepengin waras?” …” (Ay. 6)

“Le apa sampean gelem tak tumbasne sepeda, cik ben sampean ora kesel yen budhal menyang sekolah?” dhawuhipun ibu marang kang putra. Nampeni dhawuh ingkang mekaten punika, kang putra lajeng paring wangsulan, “Bu tabungan kula dereng cukup, lan ugi kula nggih taksih kepingin tumbas Hp”. Ibu ingkang nampeni wangsulanipun kang putra lajeng ngandika, “Aku ora takon tabunganmu, ning aku mung takon sampean gelem apa ora!” Wangsulanipun kang putra nedahaken bilih piyambakipun estu mboten nggatosaken punapa ingkang dados dhawuhipun ibu.

Jejagongan ibu kaliyan kang putra punika ugi nedahaken waosan Yok. 5:1-12:

  1. Wonten salah satunggaling blumbang ingkang kasebat Bethesda, lan blumbang punika dipunugemi nalika banyu sampun kocak-kacik, punika pratandha bilih malaekating Pangeran sampun tumedhak lan badhe paring kekiyatan kagem sok sintena ingkang wiwitan lumebu ing blumbang punika
  2. Wonten salah satunggaling tiyang ingkang sampun nandhang sakit 38 tahun lawase. Lan nalika Gusti mirsa kahanan tiyang punika, lajeng Gusti paring dhawuh, “Kowe apa kepengen waras?” lajeng tiyang punika paring wangsulan,”mboten wonten tiyang ingkang mbopong kawula nalika toyanipun kocak Gusti”. Lan Gusti dhawuh, “Tangia, lan lumakua” Sanalika tiyang punika nampeni kakiyatan.

Lumantar waosan punika estu wonten piwucal supados (1) manungsa tansah jumaga lan waspada nalika Gusti rawuh badhe mbabar katentreman supados para manungsa punika estu saged lumebet ing katentreman punika (2) manungsa kasagedna nduweni manah ingkang estu nilingake dhawuhipun Gusti supados mboten penggalih lan pikajengipun pribadi ingkang kalampahan, nanging saestu dhawuhipun Gusti ingkang binabar.

Pahargyan Natal kang sejatosipun nampeni rawuhipun Gusti kang maringi katentreman tumraping jagad asring punika katutup kaliyan penggalih manungsa ingkang taksih ngendelaken pikajengipun piyambak – satemah kabar kabingahan saha katentreman asring mboten saged karaosaken kanthi saestu. (gus)

“Sinau Nilingake Dhawuh punika Dhasar Ngraosaken Katentreman”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak