Allah Sumbering Pitulungan Pancaran Air Hidup 27 April 2021

27 April 2021

Waosan : 1 Babad 11 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ. 202 : 1-2
Nats: “Saya suwe pangwaose Sang Prabu Dawud saya gedhe, amarga Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah nganthi marang panjenengane.” (Ayat 9)

Riwayatipun para bangsa ing jaman rumiyin asring kayasa salebeting kekiyatan perangipun, kalebet bangsa Israel. Dawud, salah setunggaling ratu wonten Israel miwiti lelampahan dados pranata negari ugi lumantar olah keprajuritan. Wiwitanipun nalika bangsa Israel ngadepi perang kaliyan bangsa Filistin, wedhal semanten para prajurit Israel sami ajrih kaliyan Goliat, algojo perang bangsa Filistin. Lajeng Dawud majeng, nlawan Goliat damel bandhil lan watu lepen, karana pitulunganipun Gusti Allah lan wantun ngadepi Goliat, Dawud menang, Goliat saged dipun pejahi.

Riwayat agung kalawau kelampahan malih nalika bangsa Filistin nyerang lan ngasoraken tentara Israel wonten Gunung Gilboa. Nalika semanten Prabu Saul kaliyan para putranipun sampun gugur ing palagan peperangan. Karana karsanipun Gusti Allah, para pinisepuh bangsa Israel sami sarujuk ngangkat Dawud gentosi Saul mimpin prajurit Israel ngrebut Yerusalem. Saking pitulungan Gusti Allah, Yerusalem saged dipun rebut malih saking bangsa Filistin. Lan selajengipun kutha Yerusalem kasebat kitha Dawud. Bilih Gusti Allah sampun ngarsaaken sedaya saged kalampahan, sanajan miturut manungsa menika mokal.

Minangka warga GKJW, kita sedaya pitados bilih Gusti Allah sampun miji GKJW minangka sarananipun Gusti Allah kangge babaraken katresnanNya. Karana menika tamtu Gusti Allah badhe paring kesagedan kangge para peladosanipun. Sanajan katah prahara ingkang ngalang-alangi GKJW nggayuh tujuan suci, nanging ing dalem asmanipun Gusti Yesus sedaya reribetan menika saged dipun langkungi. Mekaten ugi menawi gesang kita ngraosaken momotan ingkang awrat sampun ngantos semplah. Sedaya tiyang ing jagad menika sami ngadepi pacoben wontening gesangipun. Kangge ngluwari sedaya pacoben kalawau, sageda kita nuladha Dawud, sami ngempalaken para pinisepuh Israel, saiyeg sak eka kapti nunggilaken tujuan ngrengkuh kemenangan saking bangsa Filistin. Kita ugi mekaten, sumangga sami rukun, sangkul sinangkul wonten ing brayat, wonten ing patunggilan supados prakawis ingkang awrat saged kita tempuh lan kita langkungi. Amin. (DKR).

“Numpak praoto menyang kutha Malang, Balewiyata aja dilewati. Ngadepi urip aja sumelang, elingana pitulunganipun Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak