Sinau Saking Pengalaman Pancaran Air Hidup 27 Agustus 2025

27 August 2025

Waosan: Yehezkiel 20 : 33 – 44  |  Pujian: KPJ. 78
Nats: “… marga saka asmaningSun, ora nandukake marang sira kang satimbang kalawan pratingkahira kang ala lan nistha, …” (Ayat 44)

Wonten ing gesang saben dinten, bab apresiasi lan paukuman limrah kita panggihi, sae ing pandamelan, sekolah, ugi griya. Menawi wonten karyawan ingkang seken makarya, piyambakipun saged nampi bonus gaji utawi promosi jabatan. Siswa ingkang nggadhah prestasi saged nampi rangking lan beasiswa. Yoga ingkang mangertos tanggel jawabipun saged nampi hadiah saking tiyang sepuhipun. Kosokwangsulipun menawi wonten karyawan ingkang males saged dipun pecat utawi potong gaji. Menawi wonten siswa ingkang mbolosan saged dipun skores utawi dipun dalaken saking sekolahan. Menawi wonten yoga ingkang nakal saged nampi paukuman saking tiyang sepuhipun. Tamtu pikajengipun nalika tiyang utawi lare nampi paukuman punika, piyambakipun saged sinau saking pengalaman, langkung sae malih nindakaken tanggel jawabipun.

Minangka umat kagunganipun Gusti, bangsa Israel sampun nindhakaken kalepatan lan ndadosaken Gusti Allah duka. Bangsa Israel sampun nyingkur Gusti Allah kanthi paring sesajen lan nyembah brahala. Bangsa Israel nampi bebendu saking Gusti lan dipun pasrahaken dhateng bangsa sanes ing tanah pangawulan ing Babel. Nanging sinaosa mekaten Gusti nggih mboten negakaken umat kagungan-Ipun. Sih katresnanipun Gusti ndadosaken bangsa Israel mboten badhe selaminipun nampi paukuman. Malahan Gusti Allah ngersakaken supados bangsa Israel saged gesang resik malih, makempal sujud manembah dhumateng Panjenenganipun, lan nyingkiraken tiyang-tiyang ingkang remen mbalela (Ay. 37-41). Gusti Allah ugi ngersakakaken supados bangsa Israel saged ta nelangsani sedaya dosa lan kalepatanipun, paukuman ingkang sampun dipun tampi saged ndadosaken bangsa Israel gesang langkung sae malih (Ay. 43).

Gesang kita saben dinten tamtu mboten kalis saking dosa lan kalepatan. Nanging Gusti taksih paring pangapunten lan nresnani kita sami. Gusti ugi mboten nandhukaken kita satimbang kaliyan tumindhak kita ingkang ala lan nista. Ingkang dipun suwun Gusti inggih punika supados kita punika purun mratobat. Menawi Gusti ngijinaken prekawis ingkang awrat utawi karibedan wonten ing gesang kita, punika supados kita saged sinau saking pengalaman, langkung ngati-ati anggenipun tumindhak, lan langkung sae malih anggenipun nata gesang. Amin. [M@ul].

“Gusti wus tresna, ayo uripe digathekna!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak