Waosan : Efesus 5 : 1 – 6 | Pamuji : KPJ. 80
Nats: “… lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.” (Ay. 2)
Manungsa remen nglampahi prakawis ingkang limrah. Awit, manawi boten limrah mesthi badhe dipun wastani aneh, ganjil, mboten pepak, lan sakpanunggalanipun. Limrah inggih punika ingkang biasa katindakaken utawi ingkang wongsal wangsul katindakaken. Contonipun dahar, ngunjuk, siram, mlampah, sare, lan sakpanunggalanipun. Punika kalawau conto ingkang sae. Ananging wonten ugi conto ingkang awon, perkawis dados limrah awit sampun biasa katindakaken inggih punika korupsi, nyolong, nyonto/ngrepek, goroh lan sakpanunggalanipun.
Gusti Yesus sampun ngasihi kita kanthi masrahaken sariranipun. Lumrahipun kita nindakaken katresnan, awit kita sampun langkung rumiyin dipun tresnani dening Gusti Yesus. Namung, emanipun, ingkang kadadosan, anggen kita nresnani kathah syaratipun. Kita badhe gampil nindakaken katresnan dhateng tiyang ingkang nresnani kita, ingkang sae dhateng kita, ingkang asring maringi dhateng kita. Kadospundi dhateng tiyang ingkang mengsahi kita, ingkang boten remen kaliyan kita, punapa saged kita nresnani sedherek ingkang makaten? Punika ewet lan boten limrah. Awit limrahipun tiyang punika badhe nresnani tiyang ingkang nresnani piyambakipun. Kamangka katresnanipun Gusti Yesus punika tanpa syarat kangge sadaya tiyang lan boten pilih-pilih.
Ing wulan pembangunan punika, kita kaajak mbangun diri anggadahi kesadaran bilih Gusti Yesus nresnani manungsa punika tanpa syarat. Kita ugi kedah nindakaken katresnan ingkang kados makaten. Punika ingkang ewet ananging kita katimbalan supados nglampahi lan ndadosaken prakawis nresnani tanpa syarat punika dados perkawis ingkang limrah. Bilih Gusti Yesus anggenipun ngasihi manungsa ngantos masrahaken sariranipun, lajeng manungsa masrahaken punapa? Waosan kita mucal, bilih nindakaken katresnan boten badhe laku jina, boten tingkah rusuh, boten murka, boten ngucap saru, clemang clemong utawa geguyon sembranan. Punapa kita badhe paring wangsulan: “Wah, iku angel dilakoni !” Ingkang dados pitakenanipun, manungsa masrahaken punapa? Sumangga sami aben ajeng mbangun diri nglampahi katresnan tanpa syarat. Leres bilih kita nglampahi katresnan. Punapa sampun limrah? [Life]
“Sing lumrah durung tamtu bener, sing bener durung tamtu lumrah”