Netepi Janji Renungan Harian 26 Februari 2018

Waosan: Purwaning Dumadi  21: 1-7 I Pamuji: KPJ.18: 3,4
Nats:
„Kacarita Sang Yehuwah nuweni marang Ibu Sara, kaya kang wus dipangandikakake lan Sang Yehuwah karsa nandukake marang Ibu Sara kaya kang wus diprasetyakake.” (ayat 1)

Wonten paribasan sadinten-dinten ing basa Indonesia : “Janji adalah hutang”. Paribasan menika negesaken bilih janji menika kados dene utang ingkang kedah dipunlunasi. Gegayutan kaliyan janji, sabotenipun wonten kalih jinis manungsa inggih menika ingkang temen lan boten temen. Sok sintena ingkang netepi janjinipun dipunetang tiyang ingkang temen. Sok sintena ingkang mblenjani janji dipunetang tiyang ingkang boten temen. Tiyang ingkang boten temen tamtu tiyang ingkang lamis ingkang boten saged dipunandelaken. Tiyang ingkang temen badhe rumaos bingah ing manah  menawi saged netepi janji. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang boten temen badhe tansah mbudidaya amrih saged endha saking kuwajibanipun netepi janji. Ingkang prayogi lan sae inggih menika tiyang ingkang temen anggenipun netepi janji.

Gusti Allah sampun paring tuladha anggenipun tansah netepi janji. Janji dhumateng Rama Abraham bilih Rama Abraham badhe nggadhahi turun ingkang cacahipun kadosdene lintang ing langit sampun dipunlunasi. Lumantar Ibu Sara, Gusti ugi paring janji bilih Rama Abraham lan Ibu Sara badhe dipunparingi putra kakung. Senadyan Rama Abraham sampun sepuh sanget lan Ibu Sara sampun menopause (Pasal 18: 9-10) nanging janji ingkang kadhawuhaken Gusti tansah dipuntetepi. Miyosipun bayi kakung ingkang dipunparingi asma Ishak (asma Ishak kapilih awit Ibu Sara gumujeng boten pitados nalika Gusti dhawuh bilih kekalihipun badhe dipunparingi putra kakung ing yuswa ingkang sampun sepuh) dados bukti ingkang nyata anggenipun Gusti tansah netepi janjinipun. Mila boten kanten-kantenan anggenipun Ibu Sara memuji kasetyanipun Gusti.

Netepi janji menika salah satunggaling tandha karakter manungsa ingkang sae. Sanadyan ketawisipun limrah nanging netepi janji menika dados salah satunggaling sipating Allah. Sok sintena ingkang temen anggenipun netepi janji, tiyang menika kalebet tiyang ingkang nuladha Gusti Allah. (Dn)

“…sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingSun ora bakal owah gingsir…” (Yes. 54:10)

 

Bagikan Entri Ini: