Waosan: Yeheskiel 18 : 5 – 18 | Pamuji: KPJ. 194
Nats: “Lakune manut katetepaningSun lan tansah nglakoni pranataningSun kalawan setya – yaiku wong kang mursid lan mesthi bakal lestari urip. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” (Ayat 9)
Kidung Jemaat 51 “Kitab Suci Hartaku”, punika pepujian ingkang kacipta dening John Burton, Sr. taun 1803. Pepujian punika nedahaken bab ekspresi iman ingkang mratelakaken bilih Kitab Suci punika dados dhasar para tiyang pitados anggenipun nglampahi gesang. Kitab Suci punika ugi dados identitas, panuntun, lan panglipur kangge para umatipun Gusti. Pramila, Kitab Suci punika piranti ingkang wigati kangge lampah gesang kita, ingkang mboten saged kaetang kaliyan raja brana ing jagad punika. Langkung-langkung Kitab Suci punika nyerat kathah paseksi bab sabda lan pakarya-Nipun Gusti Allah.
Dawuh sabdan-Ipun Gusti Allah ing Kitab Suci punika dados panggulawentah kangge para umat. Ing waosan kita, nabi Yeheskiel paring pepenget dhateng umat Israel supados nindakaken kaadilan lan kabenaran wonten ing gesangipun (Ay. 5). Mboten nedha daging kurban kangge brahala, mboten nyembah brahala, mboten tumindak zinah, mboten nindhes tiyang sanes, nanging purunan paring tetedhan kangge tiyang ingkang kaluwen, paring sandangan kangge tiyang ingkang kewudan, lan nindakaken hukum ingkang adil. (Ay. 6-8). Kangge sok sintena kemawon ingkang nindakaken katetepan lan pranatanipun Gusti punika, piyambakipun badhe kasebat tiyang mursid lan badhe nampi gesang langgeng. (Ay. 9) Ing ngriki, nabi Yeheskiel ngengetaken umat Israel supados setya netepi punapa ingkang dados katetepan lan pranatanipun Gusti punika.
Kados pundi kaliyan gesang kita samangke? Punapa kita sampun ngestokaken punapa ingkang dados katetepan lan pranatanipun Gusti ing gesang kita? Mangga kita tansah ngupaya lan nindakaken punapa ingkang dados katetepan lan pranatanipun Gusti punika. Ing wulan Kitab Suci punika, mangga kita tuwuhaken tradisi maos Kitab Suci wonten ing satengah-tengahing brayat kita awit Kitab Suci punapa nyerat pranatan, katetepan, lan pakaryanipun Gusti Allah kangge kita. Mangga kita ndadosaken Kitab Suci punika dhasaring kita nglampahi pigesangan. Srana tumindak punika, kita saged kasebat umat ingkang mursid lan bakal nampi gesang langgeng. Amin. [DW].
“Kitab Suci bandha kang aji.”