Waosan: 2 Korinta 8 : 8 – 15 | Pamuji: KPJ. 370
Nats: “Wong kang oleh akeh, ora turah lan kang oleh sathithik ora kurang.” (Ayat 15)
Ing sawijining griya, wonten piantun sepuh ingkang mboten kagungan putra lan bandha ingkang katah, ananging piyambakipun dipun wastani piantun ingkang sae lan loman. Saben sonten griyanipun mboten nate sepi saking lare alit, awit piyambakipun asring paring jajan dhateng para lare alit punika. Saksampunipun paring jajan, lare-lare punika kapurih lenggah lan piyambakipun medhar carita dhateng lare-lare punika. Carita ingkang kawedar sanes dongeng, nanging carita gesangipun ingkang kebak perjuangan. Piyambakipun paring piwucal dhateng lare-lare punika supados purun andum berkah dhateng sesami kanthi tulus. Sinaosa kawontenanipun si mbah kalawau winates, piyambakipun pitados bilih katresnanipun Gusti punika kados dene lepen ingkang mili lan mboten nate kasatan. Punika ingkang ndadosaken si mbah asring paring jajan dhateng lare-lare alit punika sinaosa kawontenanipun winates.
Paulus ngendika tumrap tiyang-tiyang ing Korinta bab andum berkah lan katresnan ingkang tulus. Piyambakipun paring conto tiyang Makedonia, ingkang sinaosa kawontenanipun awrat, nanging taksih purun andum berkah kanthi tulus. Paulus nggambaraken menawi kasisahan lan winatesing gesang mboten saged dados alesan kangge andum berkah, nanging sedaya punika saged dados sarana mratelakaken katresnanipun Gusti Allah. Nalika andum berkah, kedah mawi manah ingkang bungah, mboten karana kapeksa. Maringi kanthi tulus mratelakaken katresnanipun Gusti Allah ingkang tanpa winates, mliginipun Gusti sampun masrahaken Sariranipun kangge kita, manungsa dosa.
Ing kawontenan donya ingkang materialistis, kita asring nggalih babagan bandha donya. Minangka tiyang pitados, kita dipun timbali nglangkungi punika. Timbalan kita inggih punika dados talang ilining berkahipun Gusti, ingkang mboten namung dipun wujudaken nalika kawontenan kita kaluberan, nanging ugi ing sajroning winatesing gesang kita. Kita mboten namung dipun timbali nyariosaken katresnanipun Gusti, nanging ugi kedah mratelakaken katresnanipun Gusti punika dhateng sesami kanthi manah ingkang tulus. Mila ing wulan Kitab Suci punika mangga kita tekun maos Sabdanipun Gusti sarta nindakaken Sabdanipun Gusti punika ing gesang padintenan, satemah kita saged dados talang ilining katresnan Gusti ingkang nuwuhaken berkah dhateng sesami. Amin. [YHS].
“Tresna iku dudu perkara sepira kerepe kowe ngucapke, tapi sepira akehe seng mbok bukteke.”