Bocah Rahayu Pancaran Air Hidup 25 September 2023

25 September 2023

Waosan: Purwaning Dumadi 27: 1 – 29 | Pamuji: KPJ. 379
Nats: “Gusti Allah bakal maringi kowe ebuning langit lan lemah eloh ing bumi apadene gandum lan anggur kongsi luber- luber.” (Ayat 28)

“Lah aku bocah rahayu, aku kudu ngidung, duwe omah lan wong tuwa, sadulur lan mitra.” Kita tamtu mangertos bilih punika pethikan pepujian saking KPJ. 379. Ingkang kirang langkung nggambaraken kawontenan lare alit ingkang tansah gesang ing sadhengah brayat. Lare punika tansah ngraosaken berkah ing gesangipun. Berkah ingkang mawujud lantaran brayat alitipun lan para mitra ingkang wonten sakiwa tengenipun.

Waosan kita wekdal punika nyariosaken kados pundi kawontenanipun brayat alit, inggih punika brayatipun Rama Iskhak. Rama Iskhak kagungan putra kalih, Esap lan Yakub. Kacariyosaken  Rama Iskhak sampun sepuh, lajeng piyambakipun kepenginan mberkahi putra mbajengipun, Esap. Rama Ishkak dhawuh dhateng Esap supados Esap mendhet gamanipun kangge pados kewan buron, lajeng kasuwun ngolah kewan buron punika dados tetedhan, lajeng kaaturaken dhateng Rama Iskhak, supados Rama Iskhak mberkahi piyambakipun. Panyuwunan Rama Ishkak punika dipun mirengaken ibu Ribka. Berkah ingkang sampun dipun cawisaken kangge Esap, ing pungkasanipun dipun paringaken Rama Ishkak dhateng Yakub, rayinipun Esap. Lan berkah punika tansah tumrah dhumateng Yakub. Saking cariyos punika nedahaken pangupayanipun ibu Ribka supados putra ingkang dipun tresnani, Yakub saged nampi berkah saking Rama Iskhak.

Minangka umat kagunganipun Gusti, kita pitados Gusti tansah mberkahi lan nyekapi gesang kita. Kita pitados sadaya ingkang kita upaya ing gesang punika boten badhe nguciwani, awit Gusti Allah piyambak ingkang nganthi lan mberkahi kita. Kados ta irah-irahan renungan sapunika “Bocah Rahayu”, punika dados pangenget bilih gesang kita punika sampun katata lan kaberkahan dening Gusti. Pramila timbalan kangge kita, kita purun nata lan ngolah berkah punika, supados saged dados berkah ingkang maedahi. Kita ugi dipun engetaken supados makarya lan pados berkah kanthi cara ingkang jujur, temen, lan leres. Srana punika, kawontenan kita saestu saged dados margining berkah kangge sesami lan kawontenan gesang kita tansah tentrem rahayu. Amin. [cito].

“Sapa sing gelem obah, mesthi oleh”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak