Gregeten Renungan Harian 25 September 2020

25 September 2020

Waosan  : Wilangan 20 : 1 – 13     |   Pamuji  : KPJ. 428 : 1, 3
Nats
: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”  (Ay. 12)

Ing satunggaling dinten wonten ibu ingkang ngajak yoganipun balita mlampah-mlampah dhateng mall. Tanpa kanyana, amargi pepinginanipun boten dipun jurungi, yoga punika nangis kepiyer gulung-gulung ing jubin. Ibunipun sajak kecalan kasabaranipun anakipun punika dipun cengkiwing kabekta wangsul sauruting margi dipun ceplesi. Dalunipun, wekdal yoga punika sampun tilem, ibunipun lenggah sacelakipun, ngelus-elus sirahipun lan netesaken luh saking mripatipun. Ibu punika rumaos lepat lan getun dene nandukaken ingkang boten prayogi dhateng yoganipun. Sadaya kalepatan kalawau kelampahan krana kabekta raos gregeten amargi boten saged ngendhaleni hawa nepsu.

Lah makaten ugi ingkang kacariosaken wonten ing lelampahanipun umat Israel kaliyan Nabi Musa lan Imam Harun. Nalika lumampah mataun-taun ing ara-ara samun umat Israel sami keluwen lan ngelak amargi boten wonten ingkang dipun tedha lan dipun ombe. Tiyang-tiyang kalawau sami nglawan Nabi Musa lan Imam Harun kanthi pitembungan ingkang nglaraaken manah. Nabi Musa lan Imam Harun dhawuh: “Heh, wong kang wangkot, padha rungokna! Apa iya aku iki kudu padha kudu ngolehake banyu kanggo kowe saka ing parang iki?” Lajeng ngangkat astanipun nggebag parang Meriba ngantos rambah ping kalih. Punika katindakaken dening Nabi Musa lan Imam Harun kabekta saking raos gregeten amargi dipun paiben dening para umat. Prakawis punika boten dados keparenging Gusti Allah wusana kekalihipun boten dipun parengaken lumebet dhateng tanah Kanaan.

Saben tiyang mesthi saged nggadhahi raos gregeten. Raos punika boten pareng dipun umbar nanging kedah dipun pekak supados boten nggendheng dhateng tumindak lepat. Cariosipun Nabi Musa lan Imam Harun saged dados pitedah supados kita boten namung nuruti raos gregeten amargi saged ndhatengaken paukuman saking Gusti Allah. Sanadyan kados pundi kemawon kawontenanipun prayogi kita tetep sabar-sareh lan sumadya mbangun miturut dhateng karsanipun Allah. (Esje)

 “Dienggal manawa ngrungokake, disareh manawa calathu, ditamban manawa nepsu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak