Kadiwasan Iman Semu Renungan Harian 25 September 2018

25 September 2018

Waosan : 2 Raja-Raja 11:21 – 12:16   I  Pamuji: KPJNo. 348
Nats: “Sang Prabu Yoas iku nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, ing salawase sugenge, sajrone kawulang dening Imam Yoyadha.” (Ayat 2)

Sakderengipunkawiwitan katekisasi calon sidi dipunwontenaken pepanggihan antawisipun pengajar (katekit), tiyang sepuh, calon sidi (katekumen) lan ketua kelompok ing pasamuwan. Perlunipun supados semayanan bab ketentuan lan aturan ingkang badhe ditindakaken samangsa katekisasi sidi ingkang wekdalipun kirang langkung 1 tahun menika. Maneka warna rembaganipun :

  1. Daftar para Pengajar (katekit), kurikulum, absensi, lan test (tertulis-praktek) kangge para peserta calon sidi (katekumen)
  2. Kewajiban para tiyang sepuh nyengkuyung kelancaran proses katekisasi : njangkepi sarana pasinaon, paring wekdal longgar lan sarana tranportasi supados para putra saged ndherek katekisasi. Mbombong supados lare-lare remen ing pasinaon menika lan sami ngawat-awati perkembangan kepribaden-karohanenipun
  3. Kewajiban ketua kelompok nunten lan nggulawenthah supados calon sidi mangertos punapa ingkang dados tugas timbalan warga dewasa ing kelompok, pasamuwan lan masyarakat: tepang, sumanak-nyedulur dhateng warga, kebaktian patuwen, enthengan mbiyantu ing kesripahan-lelayu warga kelompok-masyarakat, kerja bhakti gereja, urunan,lsp.

Pirembagan menika satunggaling sarana penting pasamuwan kangge nedahaken tujuan pasinaon katekisasi inggih menika mujudaken kualitas kadiwasan lan tanggel jawab calon sidi ingkang nyata. Menawi ing akhir pasinaon dipun wontenaken evaluasi lan pendhadaran namung supados katekumen manteb anggenipun nglairaken pangaken lan janjinipun ing ngarsanipun Gusti Allah sineksen dening pasamuwan lan kabukten pantes dipun tampi angkat sidi.

Perkawis menika dilampahi kanthi temen supados warganing pasamuwan ingkang sampun sidi/ dewasa saestu nyumerepi menapa ingkang dados tugas timbalanipun. Sadaya katindakaken, mboten karana ajrih dhateng tiyang sepuh punapa malih kapeksan. Sampun ngantos kedadosan menawi sampun sidi, lare menika kesah tebih karana sekolah utawi nyambut damel, -sarehne mboten wonten tiyang sepuh lan majelising pasamuwan ingkang ngampingi-, lajeng kesupen dhateng Gusti lan pasamuwanipun. Sami kados kawontenaipun Raja Yoas anggenipun mbangun turut Gusti kelampahan namung ing mangsa sugenge Imam Yoyada. (PAY)

Sih-susetyanira kaya pedhut esuk, kaya ebun kang esuk uthuk-uthuk ilang.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak