Aja Sumelang Pancaran Air Hidup 25 Oktober 2022

25 October 2022

Waosan: 1 Petrus 5 : 1 – 11 ǀ Pamuji: KPJ. 334 : 1, 3
Nats:Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.” (Ayat 7)

Saben tiyang gesang tamtu nate ngarosaken sumelang ing gesangipun. Sebabipun warni-warni, wonten ingkang sumelang awit rumaos kakirangan bandha. Anak-anak sumelang nalika ngadepi ujian sekolah. Pemuda sumelang karana dereng angsal jodho sanajan sampun katah umuripun. Mekaten ugi ing gesang kita padintenan, ing satengah-tengahing masyarakat, asring kita sumelang ningali kawontenan kelompok radikal, intoleran, lan kelompok ingkang damel sak pikajengipun piyambak, kadosipun piyambakipun ingkang paling bener piyambak. Karana punika GKJW ing wulan ekumene punika ngupaya paseduluran sejati kaliyan para sederek lintas iman kangge mbangun gesang ingkang kebak karukunan dan katentreman.

Waosan ing wekdal punika arupi piwucalipun Rasul Petrus dhateng pasamuan ing Asia Alit, khususipun katujuaken kangge para pinituwaning pasamuan. Piwucal sepisan, para pinituwa kedah nuladha Gusti Yesus minangka Juru Pangon Agung anggenipun nindakaken peladosanipun. Kaping kalih, para pinituwa kedah andhap asor anggenipun mimpin pasamuwan. Kaping tiga, para pinituwa punika kedah pasrah dhateng Gusti, sampun ngantos sumelang. Kaping sekawan, para pinituwa kedah waspada lan jumaga ngadepi Iblis ingkang godha manungsa. Kaping gangsal, para pinituwa kedah pitados bilih Gusti Allah tansah jangkepi lan nyampurnaaken sadaya peladosanipun.

Aja sumelang punika dados satunggaling pepengetipun Rasul Petrus ing waosan kita. Prekawis punika saged kita tindakaken nalika kita pitados lan pasrah sawetahipun dhumateng Gusti. Sacara kamanungsan limrah bilih kita sumelang, karana katahipun prekawis gesang ingkang gegirisi salebeting gesang kita. Nanging sampun ngantos kita dawah lan kecalan pengajeng-ajeng dhumateng Gusti. Mungkasi wulan ekumene punika, mangga kita sami mbudidaya paseduluran lan kerjasama ing antawispun umat lintas iman, supados raos sumelang ing bab tumindak radikal lan intoleran sirna, kagantos kaliyan raos ayem tentrem lan rahayu. Kita wiwiti upaya punika saking pasamuwan kita piyambak-piyambak, ing pundi Majelising Pasamuwan saged ngawontenaken kegiatan sesarengan kaliyan umat lintas iman ingkang nuwuhaken raos paseduluran. Bilih punika saged kelampahan, tamtu kita boten badhe sumelang malih. Amin. [AR].

“Payo pada ngupaya guyub rukun kangge mbangun gesang kebak katentreman.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak