Tresna Sawutuhing Urip Renungan Harian 25 Oktober 2020

25 October 2020

Waosan : Mateus 22 : 34 – 46 | Pamuji : KPJ. 452 : 3
Nats: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.” (Ay. 37)

Murid: “Guru, nresnani kalawan gumolonging ati niku pripun tegesipun?”
Guru: “Laku tresna iku kudu diwiwiti utawa didhasari saka jroning ati, batine krasa olehe tresna. Tresna iku ora mung ketok ana ing kelakuwan sing apik.”
Murid: “Lho, kelakuwan sing sae niku lak nggih mesthi sae ta, Guru?”
Guru: “Durung mesthi, ngger. Sebab ora sethithik kelakuwan sing apik iku jebul ana pamrihe, ora tulus teka atine.”
Murid: “Mosok ta, Guru? Contonipun napa?”
Guru: “Wong menehi dhuwit supaya dipilih dadi Lurah utawa Bupati. Wong nulungi supaya dialem apik. Nulungi wong sugih ben dipek mantu.”
Murid: “Hahaha… nggih nggih. Lha menawi nresnani kalawan gumolonging nyawa niku pripun artosipun, Guru?”
Guru: “Nresnani Gusti Allah iku kudu wani ngurbanake nyawa, sebab nyawa iku rak peparinge Gusti ta.”
Murid: “Dados tresna dhateng Gusti Allah niku kedah wani mati, ngaten?”
Guru: “Ya bener, ngger.”
Murid: “Wih…, mangke yen mati tenan pripun, Guru?”
Guru: “Kowe wedi mati?”
Murid: “Ha nggih ta. Sinten sing boten wedi mati? Gek kula dereng rabi je…”
Guru: “Yen kowe wedi mati, tresnaa marang Gusti Allah sing dadi sumbering urip! Kowe mesthi ora bakal wedi mati.”
Murid: “Hmmm… nggih mpun. Sing kaping tiga tresna kanthi gumolonging budi. Niku pripun kok ketingale angel?”
Guru: “Budi iku tegese obah, laku, tumindak. Tresna iku ora cukup dibatin utawa dirasakne ana ing jroning ati utawa lan wani mati pisan ta wis. Ora cukup. Tresna iku kudu diwujudake ana ing kalakuwan sing apik, tumindak sing becik lan sregep tandang gawe sing bener. Kabeh kalakuwan, tumindak lan pegawean iku kudu didhasari nganggo katresnan kang tulus murni.”
Murid: “Pemuda kados kula niki nggih kedah ngoten niku, Guru?”
Guru: “Ha ya ta, ngger. Kabeh padha wae, ora ana bedane.” [st]

 “Tresna iku dhasar sawutuhing urip; tresna iku nganti sawutuhing urip.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak