Waosan : Ibrani 7 : 1 – 10 | Pamuji : KPK 97
Nats: “…Manut tegese asma Melkisedhek iku sapisan ateges ratuning kaadilan….” [ayat 2]
Menawi wonten pitakenan makaten, “Kados pundi kawontenanipun para nem-neman ing dinten-dinten punika?. Kados pundi wangsulan panjenengan? Sadaya tamtu paring wangsulan miturut pamanggihipun piyambak-piyambak. Bok manawi ingkang sepuh dhawuh “lare anem sakpunika boten kados rumiyin..namung kepengin ingkang kepenak kemawon. Boten purun nyambut damel rekasa”. Dene para nem-neman paring wangsulan “sakpunika jamanipun sampun benten.Nyambut damel kedah mawi skill (=kaprigelan), boten namung ngendelaken otot.” Makaten pamanggih bab para nem-neman.
Wonten ing waosan dinten punika, wonten pangaken gesang magepokan kaliyan kawontenanipun Melkisedhek. Piyambakipun kaserat minangka ratuning kaadilan. Punika istimewa. Kanthi pangaken ingkang tuwuh saking gesangipun piyambak minangka ratuning Kaadilan, Melkisedhek nglampahi timbalan kanthi tanggel jawab. Saking ngriki, para nem-neman saged sinau utaminipun ing babagan mangertosi kahanan lan kawontenan badan sarta gesangipun. Punapa para nem-neman saged nuwuhaken gesang dados paraga ingkang pinunjul mujudaken kaadilan kanthi lampah ingkang saged paring lan ambagi berkah dhateng sesami. Kados dene Melkisedhek paring berkah dhateng Rama Abraham. Punika wigati supados para nem-neman boten nengenaken kasenengan pribadi lan apatis dhateng gesang kapitadosan lan timbalan gesang dhateng sesami. Para nem-neman sageda ngrumaosi sinten ta piyambakipun ing babagan gesang ing donya lan sesambetanipun kaliyan Gusti Allahipun.
Sacara khusus, ing dinten punika kita lumebet ing Pekan Pemuda GKJW. Tahun 2018 punika kalampahan kanthi jejer “Siap dipanggil dan diutus membawa pengharapan”. Saking jejer punika para nem-neman kedah ngrumaosi bilih timbalan gesangipun sageda dados paraga ingkang nuwuhaken pangajeng-ajeng sarta setya ing timbalan paladosan. Punika pangaken gesang ingkang mugi tansaha tuwuh ing batosipun para nem-neman. Dene para sepuh sageda nyengkuyung supados para nem-neman saged tuwuh gesang tumuju dhateng kadiwasan. Pungkasanipun, patrap gesang ambagi berkah minangka imam, punapa ugi tansah tuwuh ing pamanggihipun para nem-neman? Mugi-mugi para nem-neman saged manggihaken gesang ingkang migunani. [WdK]
Mangga sesarengan ambangun para mudha kang sumadya leladi