Lestari Setya Renungan Harian 25 November 2020

25 November 2020

Waosan : Yeremia 31 : 1 – 6 | Pamuji : KPJ. 118
Nats: “… Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng, mulane Ingsun nglestarekake sih-susetyaningSun marang sira.” (Ay. 3b)

Meh sadaya tiyang punika wiwitanipun tresna sanget dhateng semahipun. Sareng sesemahanipun sampun kelampahan sawatawis taun, lajeng kathah sanget ingkang boten tresna malih. Boten sekedhik ingkang lajeng pegatan utawi konangan ndhemeni tiyang sanes, wonten ingkang kanthi sesingidan (diam-diam) dhemenan (selingkuh) kaliyan tiyang sanes. Kathah sanget tiyang ingkang sih-susetyanipun boten lestari, malah gampil ewah gingsir. Pancen sok wonten jalaranipun. Wonten ingkang kajalaran dening sisihanipun ingkang nesuan utawi cengkiling (kekerasan) utawi jalaran kamiskinan utawi pancen sampun watakipun ingkang lècèkan (gampil kepencut).

Sih katresnan lan susetyanipun Gusti Allah punika lestari. Nadyan bangsa Israel lan sadaya umatipun asring tumindak awon lan nguciwani saha nyakiti manahipun Gusti Allah, nanging Panjenenganipun boten megat umatipun. Pancen -awit saking punika- kadhang kala Gusti Allah punika duka utawi nesu, nanging sih katresnan lan susetyanipun dhateng umatipun boten nate ewah gingsir, tetep lestari langgeng salaminipun. Punika sampun dados prasetya utawi janjinipun Allah. Panjenenganipun boten naté nyélaki janjinipun. Kadosa pundi kawontenanipun lan awona pratingkahing umatIpun, sih katresnan lan susetyanipun Gusti Allah boten badhe ewah gingsir, badhe tetep lestari. Lestarining sih katresnan lan susetyanipun Gusti Allah kacetha wonten ing anggenipun tansah paring sandhang lan tetedhan saben dinten dhateng sadaya umatipun, dadosa ingkang sae utawi awon pratingkahipun.

Kita saos sokur dene kita dados umat kagunganipun Allah ingkang langgeng sih katresnan lan kasetyanipun. Sih katresnan lan kasetyanipun Gusti Allah Rama kita ingkang tansah tumanduk dhateng gesang kita saben dinten punika kedahipun ngatag manah kita ugi nggadhahi sih katresnan lan kasetyan ingkang lestari. Sampun samesthinipun kita ngimbangi sih katresnan lan kasetyanipun Gusti Allah dhateng kita. Sumangga kita tansah tresna lan setya dhumateng Gusti Allah, dhateng kulawarga, dhateng greja lan bangsa sarta dhateng padamelan lan pakaryan kita. [st]

 “Gusti mesthi setya nresnani lan mberkahi umate kang setya.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak