Aja Dhemen Ngapusi! Renungan Harian 25 November 2019

25 November 2019

Waosan :  Mazmur 24 : 1 – 10  I    Pamuji :  KPJ. 25
Nats
: “Wong kang resik tangane lan suci atine, kang ora masrahake nyawane marang kaculikan lan ora nglairake sumpah goroh” (ay. 4)

Salah satunggalipun kwajiban ingkang kedah dipun tindakaken dening saksi nalika wonten sidang pengadilan inggih punika, sumpah utawi janji. Sumpah punika kedah dipun dampingi kaliyan imam utawi pendhita ingkang ngasta kitab suci, lan kedah dipun lampahi wonten ngarsanipun persidangan. Saksi punika mangke kedah paring wangsulan ingkang jujur, saestu dipun alami lan dipun sumerepi piyambak. Mboten saking tiyang sanes, media cetak- elektronik- sosial utawi saking sumber sekunder. Menawi saksi punika kepanggihan paring kesaksian ingkang mboten leres, saksi punika ugi pikantuk paukuman pakunjaran.

Juru Mazmur paring pepenget bilih tiyang ingkang pedamelanipun resik, mboten nate ngapusi punapa malih nyembah brahala punika tansah binerkahan lan gesangipun pikantuk kawilujengan saking Gusti Allah. Punika sabda lan janjinipun Gusti Allah piyambak dhateng umat kagunganipun. Janjinipun Gusti punika dipun raosaken saestu kaliyan Juru Mazmur amargi ngendikan jujur lan nindakaken gesang ingkang tinebihna saking dosa lan panerak punika awrat sanget. Sanajan mekaten Juru Mazmur ugi sampun ngraosaken katresnan lan pangreksanipun Gusti Allah dhumateng piyambakipun lan sedaya tiyang ingkang tansah pitados.

Ing jaman sakmangke, bab kejujuran lan track record utawi rekam jejak ingkang resik punika ewet sanget kita panggihi wonten papan publik. Menawi tiyang Kristen rumiyin terkenal dados tiyang ingkang dipun pitadosi pedamelan bab kejujuran, jaman sakmenika mboten jaminan malih. Malahan, kathah tiyang Kristen ketingal taat ananging dipun hukum amargi kebukti nindakaken nilep utawi korupsi. Wonten alat uji kebohongan lan rekaman pawicanten ingkang saged mbuktiaken sedaya tumindak. Pramila, sumangga kita sakmangke pitados malih dhateng sabdanipun Gusti Allah, bilih wangsulan ingkang jujur, tumindak ingkang resik punika ndadosaken gesang kita tansah pikantuk kawilujengan. Amin (BK).

“Nindakaken gesang ingkang nggadahi kebiasaan jujur lan resik, nilar sedaya gesang ingkang ala”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak