Waosan: Yokanan 14 : 23 – 29 | Pamuji: KPJ. 157
Nats: “Kowe padha Daktinggali tentrem rahayu. Tentrem rahayu-Ku Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.” (Ayat 27)
Punapa tah ingkang dipun padosi manungsa salebeting gesang ing alam donya punika? Mbok menawi salah satunggaling wangsulanipun inggih punika kabingahan. Maneka cara dipun upaya dening manungsa supados gesangipun saged ngraosaken bingah. Wonten tiyang ingkang nyambut damel wiwit enjing ngantos dalu kangge nyekapi kabetahan brayatipun. Bilih kabetahan brayatipun kacekapan, piyambakipun bingah. Wonten mahasiswa ingkang sinau lan nggarap skripsi ngantos lembur supados piyambakipun saged lulus pas wancinipun lajeng rumaos bingah bilih kalaksanan. Lan taksih kathah upaya sanesipun ingkang dipun tempuh dening manungsa supados bingah.
Ing waosan kita wekdal punika, Gusti Yesus mangertos bilih wekdalipun sinarengan kaliyan para sakabat-Ipun mboten dangu malih. Pramila Gusti Yesus paring prajanji dhateng para sakabat-Ipun, badhe wonten Juru Panglipur, inggih punika Sang Roh Suci ingkang nunggil para sakabat (Ay. 26). Sang Roh Suci punika ingkang badhe mucal lan ngengetaken para sakabat anggenipun lelados lan martosaken Injil. Gusti Yesus ugi prajanji maringi tentrem rahayu sarta ngiyataken para sakabat supados tatag, mboten melang-melang lan mboten giris ngadepi maneka warni kahanan (Ay. 27). Tentrem rahayu peparingipun Gusti Yesus punika benten kaliyan punapa ingkang dipun paringaken jagad. Srana tentrem rahayu saking Gusti punika, para sakabat tansah ngraosaken kabingahan lan panganthinipun Gusti.
Ing mangsa undhuh-undhuh punika, kita dipun ajak sami saos sokur dhumateng Gusti Allah. Kita saos sokur karana Gusti Allah kersa mberkahi lan ngrimati kita. Gusti Allah sampun makarya nuntun lampah gesang kita tumuju ing pepadhang. Saos sokur punika ingkang ndadosaken gesang kita kebak ing kabingahan lan kacekapan. Kita mboten kuwatos bab punapa ingkang badhe kelampahan ing ngajeng kita, karana kita pitados Sang Roh Suci tansah nuntun lan nunggil gesang kita. Mangga kita sami nuwuhaken gesang ingkang kebak saos sokur, gesang ingkang tansah memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Awit saking saos sokur kita punika, kita nampi kabingahan saking Gusti, inggih punika tentrem rahayu salebeting gesang kita. Amin. [AR].
“Ayem tentrem amargi ndherek Gusti Yesus, ayem tentrem amargi tansah saos sokur.”