Waosan: Jabur 29 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 428
Nats: “Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate, Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.” (Ayat 11)
Kala punapa panjenengan ngraosaken bingah? Kala punapa panjenengan ngraosaken sisah? Saperangan tiyang rumaos bingah nalika saged nggayuh punapa ingkang dipun upadi, nampeni barang ingkang aji utawi kawigatosan saking tiyang sanes lan taksih kathah malih. Kosokwangsulipun, saperangan tiyang rumaos sisah nalika gagal, kecalan bab ingkang aji lan katilar piyambakan. Kaanan ingkang kados mekaten saged kawastanan minangka gesang ingkang kebak prahara lan peteng, kados-kados katilar piyambakan, tanpa kanca lan daya. Malah gesang ingkang kados mekaten punika kados katilar dening Gusti. Pitakenanipun, punapa pancen Gusti punika namung njumenengi kahanan ingkang mbingahaken nalika sedaya lumampah kanthi sae miturut rancangan kita?
Wonten ing kitab Jabur punika, Prabu Dawud paring paseksi bilih kamulyanipun Gusti punika mboten namung wonten ing kahanan ingkang sae kemawon nanging ugi ing kahanan ingkang kebak prahara, kadosdene kagambaraken kanthi banyu kang gedhe, banjir, wit eres kang tugel lan rubuh, ugi geni kang mulad-mulad. Gusti jumeneng ing sanginggiling prastawa punika. Pramila, lumantar waosan punika, prabu Dawud ngengetaken kita sedaya bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah ingkang mboten pilih-pilih anggenipun makarya. Sedaya prastawa lan kahanan kawengku ing asta-Nipun. Kamulyanipun Gusti saged kita panggihi ing pundi kemawon, kalebet ing prahara.
Lumantar prahara, kita asring nampeni pawarta kesaenan. Kados pundi tiyang andum katresnan tumrap sesami, tiyang saestu nyumendhekaken gesangipun dhumateng Gusti, mboten semplah lan lungkrah, mekaten ugi tiyang saged nata gesangipun kanthi ati-ati utawi waspada. Ing satengahing prahara banjir, kita kaengetaken supados njagi alam kanthi titi. Nalika kita gagal, kita kaengetaken tansah ngrancang gesang cundhuk kaliyan Gusti. Sedaya pakaryan ingkang linambaran kanthi pitados lan pasrah dhumateng Gusti, menawi kasembadan ngengetaken manungsa dhateng Gusti ingkang mberkahi. Mekaten ugi, kosok wangsulipun, menawi malah nemahi prahara, ugi enget bilih Gusti mboten nate nilar. Amin. [KRW].
“Ngluhurna Gusti nalika prahara, kadosdene ngluhurna Gusti nalika begja.”