Menawi Dipuntampi Renungan Harian 25 Mei 2020

Waosan : Kaimaman 9 : 1 – 11, 22 – 24      |    Pamuji : KPJ. 157
Nats
: “Lan ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa kurban obaran lan sawernaning gajih kang ana ing misbyah. Bareng wong sabangsa ndeleng kaanan mangkono iku, tumuli padha surak-surak lan sumungkem sujud.” (Ay. 24)

Kados pundi bingahipun tiyang sepuh menawi mundhutaken rasukan enggal kangge anakipun, lajeng anakipun remen sangat.  Dhateng pundi-pundi rasukan punika dipun damel, ngantos-ngantos tilem kemawon tetep kepingin ngagem rasukan punika. Mboh bilih raosipun kados cinta yang tidak bertepuk sebelah tangan. Saged maringaken ingkang dipun remeni dening anak punika kabingahanipun tiyang sepuh. Nanging cobi menawi ingkang kelampahan kosok wangsulipun, sang anak boten remen, lajeng merengut kemawon, dipun suwun ngagem rasukan punika, nanging malah nggondhok. Manahipun tiyang sepuh tamtu sakit sanget.

Kita manungsa punika sanes Gusti Allah ingkang tansah mangertos punapa ingkang paling sae kangge tiyang sanes. Wong kita kemawon kadhang boten mangertos punapa ingkang paling sae kangge kita piyambak. Malih-malih mangertosi manahipun tiyang sanes, kita boten saged maos manahipun tiyang sanes, kita saged nggalih lan menebak-nebak, nanging kita boten saged estu yakin punapa ingkang kita galih punika leres.

Bangsa Israel ing waosan kita kalawau kacariyosaken nindaaken upacara kurban pangruwating dosa, kurban obaran, kurban slametan, lan kurban dhaharan. Tamtu para tiyang Israel boten yakin mangertosi punapa Gusti Allah badhe nampi kurbanipun, nanging sedaya nindhakaken kanthi tulus, lan maringaken ingkang paling sae kados ingkang dipun prentahaken dening Nabi Musa lan Rama Harun. Lan ing pungkasan kacariyos kados pundi Sang Yehuwah nampi sedaya kurban punika. Kita saged mangertosi kados pundi kabingahanipun tiyang Israel, sedaya sami surak-surak lan sumungkem sujud.

Prekawis punika nedahaken dhumateng kita, sanadyan kita boten saged mengertosi punapa ingkang dipun karsaaken dening Gusti utawi dipun panggalih dening tiyang sanes ing sakiwa tengen kita, mangga tansah maringaken ingkang paling sae, nindakaken sedaya mawi manah ingkang tulus lan eklas. Awit menawi sedaya ingkang kita tindakaken kalawau dipun tampi, kita piyambak ugi badhe ngraosaken kabingahan ingkang sanget. Mbok bilih boten dipun tampi, kita taksih saged bingah awit kita sampun maringaken lan nindakaken ingkang paling sae. (gid)

“Mangga nindakaken ingkang paling sae tumrap Gusti lan sesami.”

Bagikan Entri Ini:

  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •