Wantun Andum Rejeki? Renungan Harian 25 Mei 2019

25 May 2019

Waosan : Lukas 19 : 1 – 10 | Pamuji : KPJ 178a
Nats : “Gusti, bandha kawula ingkang sepalih badhe kawula sedhekahaken dhateng tiyang miskin”

Wonten panguwaos ingkang serakah, netepaken pajak kanthi regi ingkang inggil ngantos ndadosaken kathah tiyang kesrakat lan miskin. Ing kondisi prihatin punika, wonten tiyang ingkang nekad mendhet barang-darbe saking panguwaos punika lajeng dipundum marang tiyang-tiyang kesrakat lan miskin. Inggih punika Robin Hood, tokoh pahlawan tiyang miskin lan kesrakat ing film. Lan kathah penonton film ingkang remen kalian Robin Hood, mbayangaken sekeca dados pahlawan awit ketingal bagus lan sae.

Sejatosipun kita ugi saged sinau kados Robin Hood, sanes kangge mendhet barang saking panguwaos, ananging kangge paring kawigatosan marang tiyang miskin lan kesrakat. Kawigatosan punika dipunwujudaken lumantar andum rejeki tumrap sesami ingkang kacingkrangan.

Mekaten ugi ingkang dipunucapaken Zakheus dhumateng Gusti Yesus bilih badhe ngedum separo barang-darbenipun tumrap tiyang miskin dados teguran kangge kita. Tamtu ketingalipun bab punika sepele kangge Zakheus ingkang nggadhahi barang-darbe kathah. Sanes punika poinipun, ananging kados pundi Zakheus saged ngeculaken separo barang-darbenipun kangge tiyang sanes. Napa malih ing jaman samangke, arta lan barang-darbe dados bab ingkang wigati malah kepara utami. Menapa kemawon diukur kaliyan kathah sekedhik barang-darbenipun. Napa malih barang-darbe punika pikantukipun mbetahaken wekdal ingkang dangu lan proses ingkang awrat, ndadosaken sansaya awrat anggenipun andum barang-darbe marang tiyang miskin kesrakat.

Zakheus saged nindaken bab mekaten, sanes amargi simpenan barangdarbenipun kathah. Ananging Zakheus sadar wonten ingkang langkung utami tinimbang barang-darbe, inggih punika Gusti Yesus ingkang mlebet ing griya lan gesangipun. Zakheus rumaos Gusti Yesus nggatosaken lan nresnani Zakheus nalika kathah tiyang nyengiti Zakheus. Katresnanipun Gusti Yesus ingkang mlebet ing griya lan gesangipun punika ingkang ndadosaken Zakheus mboten malih tumuju ing barang-darbe kemawon, malah ndadosaken wantun lan ikhlas andum rejeki tumrap sesami. Kados pundi kaliyan kita, namung dados penonton utawi pelaku? [fani]

“Gusti Yesus, harta ingkang sejati”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak