Punapa Ingkang Utama? Pancaran Air Hidup 25 Maret 2025

25 March 2025

Waosan: Roma 2 : 12 – 16  |  Pamuji: KPJ. 320
Nats: “Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Gusti Allah ngadili wewadine manungsa lumantar Gusti Yesus Kristus, cocog karo Injil kang dakwartakake.” (Ayat 16)

Miturut Bausastra Jawa tembung utama punika ngemu suraos kang nomer siji lan kang becik piyambak, tegesipun mboten wonten ingkang saged ngungkuli. Nalika sampun wicantenan bab kautaman, tamtu kita sarujuk bilih manungsa punika saged rila legawa ngurbanaken jiwa lan raga kangge nggayuh ingkang dipun wastani utama punika. Satemah pitakenanipun lajeng mekaten, “Punapa ta ingkang utama ing pigesangan kita?“ Pitakenan punika katingalipun sederhana, nanging mboten gampil dipun wangsuli lan nalika dipun wangsuli tamtu wangsulanipun mawarni-warni.

Bilih ingkang dipun dangu punika para tiyang Yahudi (ing salebeting konteks waosan kita), “Punapa ta ingkang utama ing pigesanganipun para manungsa?“ Menawi wangsulanipun inggih punika angger-anggering Toret. Para tiyang Yahudi punika kacariyosaken nggadhahi “kebanggaan“ karana kaparingan angger-anggering Toret. Nanging, sejatosipun para tiyang Yahudi punika ugi asring nglirwakake pitedah saking angger-angger Toret punika. Satemah, Rasul Paulus paring pepenget bilih ingkang utama punika kasedyan kangge nglampahi pitedah saking piwulangipun Gusti Yesus ing satengahing pigesangan. Rasul Paulus ugi paring pangerten bilih Gusti Allah punika mboten pilih kasih, satemah kawilujengan punika mboten namung kacawisaken kangge para tiyang Yahudi ingkang kaparingan Toret kemawon. Nanging, Gusti Allah ugi badhe ngadili para tiyang pitados miturut punapa ingkang sampun kalampahan ing salebeting gesangipun, inggih punika bab kasedyan nglampahi piwulang ingkang sampun katampi.

Pigesangan kita ing wekdal punika saged dipun wastani kompleks – utawi kawangun saking maneka werna babagan pigesangan. Kahanan ingkang kados mekaten ndadosaken kita nggadhahi maneka werna prekawis ingkang karaosaken penting lajeng dados ingkang utama. Nanging, mugi kita tansah enget dening sabdanipun Gusti ingkang kawedhar lumantar Rasul Paulus. Ing maneka werna kautaman, prekawis ingkang saking wiwitan dados utama, inggih punika kasedyan kangge netepi Sabdanipun Gusti. Sanadyan ing gesang padintenan, kita tansah sengkut mbudidaya maneka werna prekawis pigesangan, mangga sadaya punika tansah kita upadi ing marginipun Gusti. Satemah sadaya obah lan olah ingkang kita lampahi saged dados jalaran berkah. Gusti tansah mberkahi kita sami! Amin. [xie].

“Ngelmu iku kelakone kanthi laku.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak