Waosan : Pangandharing Toret 16 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ. 186
Nats: “Kowe elinga sasi Abib lan ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marga ing sasi Abib iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir ing wayah bengi.” (Ay. 1)
Sejarah gesang punapa ingkang panjenengan galih menawi kita ngrembag sejarah gesang? Mbok menawi ing pemanggih kita langsung enget dhateng kathah prastawa ingkang sampun nate kita raosaken, duka ingkang mbingahaken utawi ingkang ndadosaken manah sisah. Menawi kita roasaken malih kanthi lebet, kita saged gumun, “Kok isa ya nglakoni kabeh?”, “Kok kuat ya”, “Kok luar biasa ya…” lsp. Tamtu raos gumun punika nuntun kita dhateng satunggal pengaken bilih sejatosipun kathah prekawis kita lampahi punika awit wonten satunggal kekiyatan ageng ingkang tansah njangkung gesang kita inggih punika Gusti Allah ingkang murbeng gesang. Punika ingkang dados sumbering karosan kita. Lan kedahipun ndadosaken kita langkung sumuyud dhumateng Panjenenganipun.
Prekawis punika ingkang dipun dhawuhaken Gusti Allah dhateng bangsa Israel, tansah enget tumrap sejarah gesangipun supados bangsa Israel mboten ngantos kados bebasan “kacang lali kulite”. Pepenget tumrap sejarah gesang bangsa Israel dipun lampahi kanthi nindakaken tigang riyadi ageng kanthi temen lan bingah. Punapa kemawon? Riyadi Paskah, Riyadi Panen lan Riyaya Tarub Godhong. Sedaya riyadi kedah dipun lampahi manut pranata ingkang sampun dipun paringaken Gusti Allah. Kanthi nyaosaken korban menda lan nedha roti tanpa ragi. Lajeng punapa tujuanipun? Supados bangsa Israel tansah enget dhateng sedaya pakaryan, pangrimatan, katresnan lan panuntuning Gusti Allah ing lampah gesangipun minangka bangsa ingkang piniji. Ugi tansah enget bilih menawi samangke sampun dados bangsa ingkang mardika sanes karana daya karosanipun piyambak nanging karana pitulunganipun Gusti Allah. Kanthi pepenget punika kedahipun dadosaken bangsa Israel dados bangsa ingkang tansah mbangun turut dan mbudidaya kasetyan dhumateng Gusti Allah.
Mangga kita raosaken kanthi estu sedaya pakaryan lan panuntuning Gusti Allah tumrap gesang kita. Karana menawi ngantos samangke kita taksih saged nglampahi gesang kanthi sae punika namung karana Gusti Allah sampun ngayomi lan paring karosan dhateng kita. Amin. (DH)
“Gusti, maturnuwun kagem sedaya mukjizat ingkang sampun Paduka paringaken.”