Dados Pepadhang Renungan Harian 25 Maret 2020

25 March 2020

Waosan : Yesaya 60 : 17 – 22|  Pamuji : KPJ. 431 : 1 – 3
Nats
: “… nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap kita, sarta Gusti Alahira bakal dadi kaluhuranira“ (Ay. 19b)

Nalika sampun dalu, swasana ingkang katingal ing seganten mestinipun peteng ndedet. Boten namung karana sepi ananging ugi karana namung sakedhik griya ing sapinggiring seganten. Pramila, mbetahaken bangunan utawi menara ageng ingkang dipunwastani mercusuar. Tujuan dipun bangun mercusuar  wonten ing satengahing seganten supados kapal-kapal ing satengahing seganten saged ningali kanthi cetho bilih ing ngajengipun wonten watu karang ingkang bebayani kangge kapal punika. Kapal-kapal kalawau sestu mbetahaken mercusuar kangge kalancaran anggenipun dumugi ing papan tujuanipun.

Mekaten ugi kangge bangsa Israel nalika wonten ing kahanan ingkang kedah dipun lampahi nalika ditawan kaliyan Babel. Ing kahaan ingkang awrat punika, bangsa Israel rumaos gesang wonten ing swasana pepeteng, karana mboten saged mangertosi ing tembe kados pundi gesangipun. Ing tawanan Babel punika, bangsa Israel kathah ingkang semplah, lan ngajeng-ajeng pepadhang ingkang mitulungi lampah gesang saklajengipun. Kadosdene mercusuar ingkang dipunbetahaken kapal supados saged lumampah kanthi lancar lan wilujeng, inggih mekaten ugi rawuhipun Gusti Allah tumrap gesangipun bangsa Israel. Ing ayat 19b nerangaken bilih Gusti Allah sampun prajanji pepadhang langgeng dateng umatipun, lan dados kaluhuraning para tiyang pitados. Senadyan ta srengenge boten nyunaraken pepadhang ing wanci siang ugi dalu boten kasunaran rembulan, nanging Gusti Allah tansah dados pepadhang tumrap kita, inggih punika pepadhang ingkang langgeng kangge para tiyang pitados.

Karana Gusti sampun paring  pitedah bilih Panjenenganipun dados pepadhang ing gesang kita, punapa malih ingkang ndadoaken kita semplah? Pepadhang ingkang saking Gusti tansah sumunar kangge kita sadaya. Sarana pepadhangipun Gusti punika kita mangertos tujuan lampahing gesang kita ing donya punika.  Kita mesthi pinaringan pengertosan kangge nindakaken pigesangan awit Gusti Allah ingkang dados sumbering pepadhang dateng kita sami.    (FNS).

“Dadosa pepadhang, karena Gusti Allah sampun langkung rumiyin madhangi gesang kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak