100% Ndherek Gusti Pancaran Air Hidup 25 Juni 2023

Waosan: Mateus 10 : 24 – 39 | Pamuji: KPJ. 124
Nats:
“Teka-Ku iku ora nggawa pirukun nanging pedhang.” (Ayat 34)

“Kalawingi kok mboten ketingal tindak dhateng greja pak?”

“Walah ngapunten pak, lha ibune lare-lare ngeyel ngajak dolan, disemayani rampung ngabekti mboten purun. – Greja minggu ngarep lho isih ana, dolan ora saben minggu wae lho – arep pripun malih pak, timbang tukaran.”

Waosan kita dinten punika dipun wiwiti kanthi gegambaran Gusti Yesus ingkang mboten sami kados biasanipun! Gusti Yesus kagambaraken ngasta pedhang, kados-kados badhe ngajak perang. Punapa pancen Gusti Yesus ngajak perang? Lajeng kados pundi kaliyan panggalih bilih Gusti punika etuking katentreman? Sesarengan mangga kita ngonceki waosan kita punika kanthi wicaksana! Mateus 10:34-29 – Tembung pirukun (Yun:Eirene) wonten ing penggalihipun para tiyang punika mboten sami kaliyan punapa ingkang dipun kersakaken Gusti. Pirukun (damai) ing penggalihipun para tiyang kalawau namung ngudi karsanipun pribadi (kwasa, kemapanan, kamardikan saking romawi, lsp). Kamangka pirukun ingkang dipun karsakaken dening Gusti Yesus nggih punika ‘wanuh kaliyan Gusti’ ing bab tresna, andhap asor, peduli, lsp. Gusti Yesus pirsa menawi para manungsa namung ngudi babagan ingkang dados pikajengipun piyambak, mila piyambakipun badhe kelangan punapa ingkang dados sejatinipun pirukun.

Tembung ingkang kawastanan pedhang mboten saperlu kagem ‘nglarani tanpa sebab’ nanging kagem ngluwari para manungsa saking babagan punapa kemawon ingkang dados jejiret anggenipun mujudaken sesambetan kaliyan Gusti, saged ugi brayat ingkang dados jejiretipun! Gusti pirsa bilih saben tiyang mboten saged kanthi temen mbangun sesambetan kaliyan Panjenenganipun nalika taksih dereng saged uwal kaliyan punapa kemawon lan sok sintena kemawon. Mbok bilih ing wiwitan tuwuh panggalih bilih Gusti punika badhe mbabar raos sengit tebih saking raos tresna, kamangka mboten mekaten! Gusti paring dhawuh ingkang mekaten supados para tiyang saged wanuh lan ngatag kados pundi mujudaken ndherek Gusti (Ay. 38).

Gusti ngatag kita supados kita saestu saged uwal saking sadaya jejiret ingkang dados pepalang. Pangajeng-ajengipun kita tansaya dinten tansaya ngener kaliyan Gusti lan ngraosaken bilih Gusti punika etuking katentreman ingkang sejati. Punapa kita sami sumadya nglampahi katentreman ingkang sejati lan uwal saking jejireting gesang? Amin. [gus].

“Katentreman kang sejati iku mung karo Gusti”

 

Bagikan Entri Ini: