Waosan: Jabur 16 : 1 – 11 ǀ Pamuji: KPJ. 79 : 1 – 3
Nats: “Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku.” (Ayat 7).
Punapa panjenengan nate pepanggihan kaliyan tiyang sanes? Sae punika rencang damel utawi salah satunggaling sedherek sakbrayat utawi sedherek satunggal pasamuwan ingkang mboten nate purun mangertosi bab kabetahanipun tiyang sanes, ingkang tansah rumaos piyambakipun paling sae lan mboten purun nampi kritik utawi pangemut saking tiyang sanes? Bilih nate, panjenengan pepanggihan kaliyan tiyang ingkang nggadahi gejala gangguan kapribaden ingkang kasebat “narsistik.”
Ingkang dados ciri utami gangguan kapribaden narsistik punika saged katingal saking kirangipun raos empati lan namung kepengin pangalembana saking tiyang sanes. Kawontenan punika asring dipun lairken kanthi awujud raos gumunggung, egois, gampil ngarang crita, lan ugi gampil nuntut nampeni tumindhak “spesial” saking sintena kemawon. Tiyang-tiyang ingkang kados mekaten mboten saged nampi kawontenan “kalah”, sae punika ing satengah-tengahing rembagan utawi nindhakaken prakawis tertamtu. Ing wusana, rawuhipun tiyang-tiyang ingkang kados mekaten asring ndadosaken mboten tentremipun swasana pakempalan ing pundi kemawon. Lajeng, bilih tiyang kados mekaten dipun tebihi, piyambakipun badhe mutung lan ngrancang prakawis miturut pepinganipun piyambak ingkang mboten nyondongi kaliyan rancanganipun tiyang kathah.
Sipat ingkang kados mekaten kalawau tamtunipun tebih kaliyan karsanipun Gusti. Prabu Dawud ingkang jumeneng Prabunipun bangsa Israel purun dipun emutaken dening tiyang sanes, punapa malih dening Gusti Allah. Bilih kita emut nalika prabu Dawud dhawah wonten ing dosa, piyambakipun dipun emutaken dening Nabi Natan (2 Sam. 12: 1-25). Lan ing sak nalika ugi Prabu Dawud kaduwung lajeng mratobat. Punapa malih bilih pitedah lan pangemut punika pinangkanipun saking Gusti Allah, tamtunipun sansaya temen anggenipun migatosaken. Karana piyambakipun saged ngraosaken kados pundi raos tentrem ingkang estu dipun alami nalika purun mirengaken pitedah lan pengemut nalika piyambakipun dhawah dhateng juranging kalepatan.
Sumangga kita dados tiyang ingkang lembah ing manah, andhap asor dhateng sesami, lan purun dipun emutaken lan mirengaken punapa ingkang dados suwantenipun tiyang sanes, punapa malih dhawuh Pangandikanipun Gusti. Amin. [YEP].
“Sing sapa rumangsa bodho lan gelem sinau, dhewekke bakal dadi pinter.”