Mblilu Tau Renungan Harian 25 Juli 2020

25 July 2020

Waosan  :  Jabur  105 : 1 – 11     |   Pamuji :  KPJ.  141 : 1, 2
Nats
: “Padha ngelingana marang kaelokane kang wus padha katindakake, tandha-tandhane kang elok-elok lan pepancasan kang dingandikakake.” (Ay. 5)

Para among tani ing padhusunan umumipun sanes tiyang pinter amargi sekolahipun boten inggil nanging ing babagan tetanen piyambakipun prigel sanget. Piyambakipun saged ngolah siti lan ngramut taneman kanthi sae. Saking pundi kasagedanipun ngolah siti lan ngramut taneman punika? Saking pengalaman. Pengalaman, anggenipun ningali tiyang sepuhipun tetanen utawi pitaken dhateng tanggi tepalih, kanca tani sanesipun lajeng dipun praktekaken. Lumantar anggenipun remen sinau saking pengalaman punika ndadosaken piyambakipun pinter nggarap sabin lan pategilan.

Bangsa Israel salaminipun gesang wonten ing pangrehipun Gusti Allah ugi ngalami wujuding pakaryan lan kaelokanipun Gusti ingkang maneka warni. Kawiwitan saking anggenipun paring prasetya dhateng Rama Abraham bilih Panjenenganipun badhe paring tanah Kanaan. Kalajengaken ngantos bangsa Israel saestu-estu manggen ing tanah prajanjian punika. Sauruting riwayat tumuju dhateng tanah prajanjian punika Gusti Allah tansah campur asta, ngluwari saking bangsa Mesir, paring tedhan lan omben dangunipun 40 taun ing ara-ara samun, ngawonaken bangsa-bangsa sanes ingkang ngalang-alangi lampahipun lsp. Umat kagunganipun Gusti punika saged mrantasi sadaya pambengan namung awit saking panganthi lan pitulunganipun Gusti. Pengalaman punika boten pareng dipun supekaken, kedah tansah dipun emut-emut lan dipun suwuraken dhateng tiyang kathah. Satemah saged nambahi mantebing kapitadosanipun dhateng Gusti lan dados paseksi tumrap jagad.

Kados pundi menggah gesang kita salebeting ndherek Gusti? Punapa inggih nate ngalami prastawa ingkang nedahaken bilih Panjenenganipun tansah campur asta ing gesang kita? Pengalaman punika saged maneka warni wujudipun. Saged nalika kita sakit lajeng pinaringan saras. Nalika ngalami pakewed pinaringan pangluwaran. Nalika kasisahan pinaringan panglipur. Nalika kakirangan pinaringan kacekapan. Nalika ngadhepi bebaya pinaringan kawilujengan lsp. Sadaya punika sampun ngantos kita supekaken. Kedah tansah kita enget-enget supados nambahi kakiyataning kapitadosan saha saos sokur kita dhateng Gusti. Langkung-langkung peparingipun ingkang  awujud pangapuntening dosa lan gesang langgeng lumantar Gusti Yesus Kristus perlu tansah kita uri-uri lan pundhi-pundhi satemah gesang kita saged dados paseksi. (Esje).

“Pengalaman punika guru ingkang sae tumraping gesang kapitadosan kita”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak