Gusti Yesus Kristus Jumeneng Raja Ing Atimu Renungan Harian 25 Juli 2018

25 July 2018

Waosan : 2 Samuel 5:1-10   I  Pamuji: KPJ. 3
Nats: Sapa kang arep nelukake wong Yebus kudu mlebu ngliwati ilen-ilen iki; (ayat 8)

Tiyang Israel nembe sumadya ngakeni bilih Prabu Dawud menika raja pinilih lan jinebadan dening Gusti Allah nalika mboten wonten malih ingkang saged dipungadang-gadang nerusaken paprentahanipun Prabu Saul. Tahbisan agung ing  kitab I Tawarikh 12: 23-40 bukti nyata bangsa menika nglairaken pangaken lan bulu bektinipun. Ewasemanten Nabi Samuel 15-20 tahun kapungkur sampun medhar wangsit, meca bilih Dawud pinilih Gusti Allah nggantos Saul. Sampun maiben dhateng bangsa Israel bab perkawis menika awit umumipun tiyang pitados ugi nembe ngungsi dhateng Gusti Yesus, ngakeni pangawaosipun ing gesang kita, menawi kuwasa, badha, mitra lan kekiyatan sampun gusis. Daud menika priyantun anteng lan sabar nggondheli prasetyanipun Gusti Allah, mboten grusa-grusu sinaosa badhe enggal dados Raja Israel. Piyambakipun pitados bilih Gusti oiyambak ingkang badhe akarya nglenggahaken abdninipun jumeneng Raja Israel menawi sampun titi wancinipun (2 Sam 5:4-5).

Rancanganipun Prabu Dawud sasampunipun kepyakan jumenengan Raja inggih menika mindhah kitha raja saking Hebron dhateng Yerusalem. Perkawis menika awrat awit beteng Yerusalem ingkang dipunikwasani dening tiyang Yebus menika rosa. Perkawis rosanipun beteng menika dados dhasaripun gumunggung tiyang Yebus ingkang pocapan bilih tiyang cacat kemawon ing beteng saged ngawonaken Dawud. Nanging perkawis gumunggung menika ingkang njalari tiyang lajeng sembrono lan dhawah (WB 16:18). Saking terowongan banyu wadya bala pinilih Dawud nglurug lan kawusananipun ngawonaken kitha menika.

Taksih wonten beteng-betengdosa ingkang dereng kita kawonaken ing paprangan rohani : tabiat dosa-kadagingan kita (Gal 5: 16-17,24-25). Wangkotipun manah kita njalari sangsaya kukuh tembok-tembok ingkang misahaken kita kaliyan sih katresnanipun Allah. Ananging ing dalem asmanipun Gusti Yesus Kristus ingkang kawungokake, beteng dosa menika saged kalebur. Menawi kita mratobat, mandhap lan slulup ing pambaptisan suci, Rahipun Sang Kristus ingkang mili saking Golgota kuwaos nglebur dosa-dosa kita. Mangga kita nyalibaken kadagingan, hawa nepsu pepinginan dosa lan katuntuna dening Roh Allah ing kaunggulan. (PAY)

“Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak