Waosan: Jabur 19 : 1 – 15 | Pamuji: KPJ. 175
Nats: “Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran? Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang mboten kawula ngretosi.” (Ayat 13)
Wonten sawijining pandangan aranipun Biosentrisme ingkang nerangaken bilih sadaya titah punika nggadhahi hak ingkang sami kangge gesang lan lestari. Pigesangan ing alam donya punika saged kawastanan jangkep bilih sadaya titah saged gesang sesarengan sarta nindakaken peranipun kanthi serasi. Satemah miturut pandangan Biosentrisme, kawontenanipun maneka werni titah ing alam donya punika setara, utawi sadayanipun sami penting lan mboten wonten ingkang langkung unggul utawi langkung sepele. Nanging nalika pigesanganipun para manungsa punika sansaya maju, manungsa sansaya gumunggung amargi rumaos langkung luhur tinimbang titah sanesipun. Pandangan ingkang kados mekaten dipun wastani Antroposentrisme, utawi manungsa ingkang dados punjering pigesangan. Kinten-kinten pandangan ingkang pundi ingkang kedah dipun gadhahi dening para tiyang pitados?
Waosan kita ing dinten punika paring gambaran bilih maneka warni titah saged dados sarana kangge ngraosaken kamulyanipun Gusti Allah. Jabur 19:1-15 sejatosipun kaperang ing kalih bagian. Ayat 1-7 nyariosaken bab kaagungan sarta kaluhuranipun Gusti Allah ingkang sanyata ing maneka werna titah. Lajeng, ayat 8-15 nedahaken bab kaagungan sarta kaluhuranipun Gusti Allah ingkang sanyata ing maneka werna angger-angger ingkang kaparingaken. Satemah titah lan angger-angger punika nggadahi relasi ingkang raket. Nalika manungsa punika nggadhahi pepinginan netepi angger-anggeripun Gusti, tamtu manungsa punika ugi kedah sedya ngrimati relasi ingkang sae kaliyan titah sanesipun.
Kadosdene pandangan Biosentrisme, Sang Juru Masmur ugi paring pepenget kangge kita bilih ing papan donya punika mboten wonten titahipun Gusti ingkang sepele. Sadaya titah punika katitahaken kanthi sae, satemah kedah tansah dipun jagi kanthi tumemen. Sanadyan manungsa katitahaken kaliyan akal lan budi, nanging sampun ngantos rumaos paling utami. Nanging, klayan akal budi punika kedahipun manungsa tansah nggadhahi kesadaran kangge netepi angger-anggeripun Gusti lumantar kasedyan njagi relasi ingkang sae kaliyan sadaya titah. Ing sasi tumitahing jagad punika, sesarengan kita nampi pepenget bab timbalanipun Gusti kangge njagi harmoni ing papan donya ngriki. Mugi Gusti Allah tansah ngluberaken berkah dhateng kita, satemah kita saged nglampahi pigesangan punika kanthi kawaspadan sarta kawicaksanan. Amin. [xie].
“Allah kang loma mengku samubarang.”