Waosan: Rum 9 : 6 – 18 | Pamuji: KPJ. 339 : 1 – 4
Nats: “Ewadene pangandikane Gusti Allah iku mokal yen wurunga.” (Ayat 6a)
Sluman slumun slamet punika artosipun sacara sesidheman nindakaken satunggiling kegiyatan lan wilujeng. Bab punika kangge nggambaraken tiyang ingkang nindakaken usaha kanthi sesidheman, mangun relasi dhateng pundi-pundi, lan pranyata usahanipun kasil sae. Sluman slumun slamet punika trep kangge ngalembana tiyang ingkang mboten kathah omong, tanpa bantuan tiyang sanes, srana kasagedan sakwontenipun nindakaken sesambetan kaliyan maneka warni instansi/lembaga lan pungkasanipun nuwuhaken asil ingkang sae. Tamtu tiyang ingkang sluman slumun slamet punika nggadhah strategi ingkang pinunjul, mboten ngawur, lan kendel.
Prasetyanipun Gusti Allah punika kaparingaken dhateng para tedhak turunipun Rama Abraham. Mboten winates adhedhasar tedhak turunipun miturut daging, ananging ugi kangge sedaya tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Allah lan pakaryanipun Gusti Yesus Kristus (Rum. 2:29; Gal. 3:7). Rasul Paulus negesaken bilih mboten wonten tiyang ingkang saged ngakeni dhirinipun kapilih dening Gusti Allah adhedhasar keturunan lan pandamel saenipun. Gusti Allah paring kawilujengan dhateng sok sintena kemawon ingkang dipun kersakaken, adhedhasar katresnan lan sih rahmat, sanes karana tumindak lan kasaenanipun manungsa. Gusti Allah miji Yakub kangge nglajengaken garis keturunan brayatipun tiyang pitados, awit Gusti Allah pirsa manahipun Yakub kagem Panjenenganipun. Ewasemanten Gusti Allah mboten nyingkiraken Esau saking ngarsanipun. Gusti Allah mboten sawenang-wenang senadyan kagungan panguwaos.
Pakaryanipun Gusti Allah punika katujokaken kangge kasaenan kita. Panjenenganipun milujengaken sedaya tiyang ingkang pitados. Kita lajeng sumerep bilih pilihanipun tamtu sae, senadyan kita tetep mboten mangertos alesan ing sawetahipun. Ing wulan tumitahing jagad punika kita kapiji dening Gusti kangge nglajengaken pakaryan-Ipun ing alam donya punika. Pramila kita ingkang sampun nampi sih rahmat lan kawilujengan saking Gusti, mangga tansah ngupaya kangge lestarining alam lingkungan ing sakiwa tengen kita punika. Kita sumadya dados pencinta lingkungan ingkang aktif ing kegiatan pelestarian alam. Lan sedaya pangupaya kita punika kita sranani kanthi tekad ingkang tulus sarta tanpa pamrih. Sluman slumun slamet! Amin. [Esha].
“Tumandang sepi ing pamrih, mung ayuning bawana.”