Waosan : Purwaning Dumadi 12 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ. 124
Nats: “Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhake dening Sang Yehuwah, …” (Ay. 4)
Wonten ing “dunia penerbangan” wonten satunggal istilah “point of no return”. Istilah punika ngemu teges satunggal kahanan ingkang kedah dipun pilih dening pilot kangge nglajengaken “proses penerbangan” ngantos dumugi tujuan lan mboten pareng mbalik arah dhateng bandara karana menawi mbalik arah dhateng bandara saged mbebayani lan ndadosaken cilaka kangge penumpang lan awak pesawat. Gesang enggal, ndherek ing marginipun Gusti, mangun gesang pitados dhumateng Gusti saged dipun gambaraken kados “point of no return”. Menawi sampun sumadya, “inggih kula mlampah mbangun turut dhumateng Gusti”, pilihanipun kedah terus mlampah dhateng ngajeng lan mboten pareng nggalih balik arah dhateng gesang lami malih.
Waosan kita ing dinten punika paring piwulang ingkang sae. Gusti Allah paring dhawuh supados Abram nilar Haran lan mlampah dhateng negari ingkang badhe dipun tedahaken dening Panjenenganipun. Abram ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah punika. Sesarengan kaliyan Sarai lan Lot, piyambakipun mlampah nilar Haran, mangun gesang pitados dhumateng Gusti Allah lan ngugemi prasetya ingkang sampun dipun paringaken dening Gusti Allah. Sinaosa kedah nglampahi proses “perjalanan” ingkang mboten gampil nanging Abram nindakaken lan ngugemi prasetyanipun dhateng Gusti Allah. Abram mboten nggalih wangsul dhateng Haran malih sinaosa manggihi kawontenan ingkang mboten sekeca ing proses kapidosanipun.
Estu punika piwulang sae kangge kita ingkang ndherek Gusti, mangun kapitadosan dhumateng Gusti, ingkang asring ngalami kawontenan ingkang mboten gampil. Mangga kita tansah jejeg ing niat, mboten badhe wangsul dhateng gesang lami, terus mlampah ing kapitadosan dhumateng Gusti Allah lan tansah mbangun turut ing karsaNipun. Estu punika, ing wancinipun kita badhe manggihaken gesang ingkang kebak karaharjan kados ingkang dipun tampi dening Rama Abram. Amin. (DH)
“Gusti, kula nyuwun kiyat lan kawicaksanan supados sageda jejeg mlampah ing margi Paduka.”