Waosan : Pangentasan 34 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ. 268
Nats : “kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.” (Ayat 7)
Bilih kita mantun dawah tamtu wonten tatu ing badan kita lan wonten bekasipun. Senadyan samangke sampun katah obat ingkang saged ngicali bekas tatu punika, ananging wonten ing pikiran kita, tatu punika tetap kaenget. Kita mangertos bilih wonten perangan badan kita ingkang nate tatu. Sami kados tatu ing badan, tatu ing manah nalika kita dipun larani kaliyan tiyang sanes, taksih tetap kita enget. Senadyan kita sampun paring pangapunten dhateng tiyang ingkang nglarani kita, kita mboten badhe supe bilih tiyang punika nate damel tatu ing manah kita.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken Nabi Musa ingkang marek sowan ing ngarsanipun Gusti Allah, saksampunipun watu ingkang nyerat dasa titah punika remuk. Watu punika remuk awit saking tumindakipun bangsa Israel ingkang mboten setya dhumateng Gusti Allah. Ing wanci Musa sowan ing ngarsanipun Gusti Allah, Musa kadawuhan, “Yehuwah, Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane, kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.” (Ay. 6-7). Saking ayat punika, Gusti Allah karsa paring sih katresannipun lan ngapura sadaya kalepatan bangsa Israel. Ananging kados tatu, Gusti Allah ugi enget tumrap sadaya kalepatan ingkang sampun dipun tindakaken dening bangsa Israel.
Minangka umat kagunganipun Gusti, tumindak gesang kita, mbok menawi sami kaliyan bangsa Israel, nate nilar Gusti lan mboten setya dhumateng Panjenenganipun. Namung awit saking sih katresnan lan pangapuntenipun Gusti, dosa lan kalepatan kita kaapunten. Gusti Allah mboten ngersakaken kita dawah malih salebeting dosa lan kalepatan. Sumangga gesang kita punika kita lampahi kanthi mbangun turut Gusti, sampun ngantos kita dawah ing dosa malih lan sampun ngantos kita damel tatu ing manahipun Gusti. Amin. [BWP].
“Sing swarga Gusti kang mulya, karsa tumedhak mriki, nyaur pundhat utang kula, Gusti gung kula puji.”