Mangertosi Pundi Ingkang Kedah Dipun Uber Pancaran Air Hidup 25 Desember 2024

25 December 2024

Waosan: Lukas 2 : 8 – 20  |  Pamuji: KPJ. 240 : 1 – 4
Nats: “Banjur enggal-enggal mangkat, tumuli ketemu karo Maryam lan Yusuf, apadene Sang Jabang-bayi, kang sumeleh ing pamakanan.” (Ayat 16)

Anggen kita nglampahi gesang, asring kita dipun aben-ajengaken kaliyan prekawis-prekawis ingkang mbetahaken weningipun pamikiran lan kawicaksanan kangge nemtokaken pundi prekawis ingkang kedah kita prenahaken lan pundi prekawis ingkang kedah kita semenekaken. Bilih kita lepat anggenipun ndamel pilihan bab pundi ingkang prioritas kaliyan pundi ingkang mboten, saged-saged kita malah kecalan bab-bab ingkang kalebet kauntungan malah ngalami prekawis ingkang kalebet apes tumrap gesang kita. Kangge tiyang ingkang sampun biasa ngadhepi mawarni-warni prekawis, biasanipun sampun kalebet diwasa, tamtunipun langkung gampil kangge piyambakipun nemtokaken prekawis pundi ingkang kalebet prekawis ingkang kedah dipun prioritasaken, pundi prekawis ingkang kedah dipun semenekaken. Benten kaliyan tiyang-tiyang ingkang kalebet dereng nggadhahi kawicaksanan lan kadiwasan, asring-asring anggenipun nemtokaken prekawis namung kadhasaran hawa nepsu lan kadonyan ingkang sawetawis wekdal kemawon.

Kadosdene para pangon ingkang dipun panggihi kaliyan malaekatipun Gusti kangge mawartosaken kabar kabingahan bab wiyosipun Gusti Yesus. Para pangon kalawau kacariyosaken enggal-enggal bidhal dhateng papan ingkang kapiji kangge manggihi Yusup, Maria lan Bayi Gusti Yesus. Para pangon kalawau sejatosipun nggadhahi pilihan, badhe tetep njagi mendha-mendha ingkang dipun angon, utawi mengkeraken mendha-mendha kalawau.
Ing ngriki para pangon kalawau nggadhahi pamikiran ingkang wening, wicaksana, lan diwasa. Para pangon kalawau mangertosi pundi prekawis ingkang kedah dipun prenahaken lan dipun uber. Para pangon milih nilar mendha-mendhanipun kangge manggihi Sang Juru Wilujeng Sejati, nggih punika Gusti Yesus ingkang miyos ing Betlehem.

Kados pundi kaliyan kawontenan gesang kita? Punapa ingkang dados prioritas ing salebeting gesang kita? Mangga kados para pangon ingkang milih madosi Gusti Yesus, mekatena ugi salebeting gesang kita. Kita milih madosi Gusti Yesus, ingkang tegesipun kita migunakaken wekdal dan kesempatan gesang kita kagem ngluhuraken Gusti Yesus. Kita pitados namung lumantar Panjenenganipun kita nampi kawilujengan ingkang sejati. Amin. [YEP].

“Bandha lan donya badhe sirna, ananging kawilujenganipun Gusti langgeng selaminya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak