Kabingahaning Natal Pancaran Air Hidup 25 Desember 2021

25 December 2021

Waosan: Lukas 2 : 8 – 20 | Pamuji: KPJ. 220
Nats:
Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhurake Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan wis dideleng, cocog karo kang wis dipangandikake marang wong-wong mau.” (ayat 20).

Riyadi wiyosipun Gusti Yesus Kristus boten namung dados riyadinipun tiyang Kristen. Kathah tiyang ingkang boten pitados dhumateng Sang Kristus sami ngraosaken kabingahaning riyadi Natal, awit riyadi Natal dados dinten prei nasional. Malah wonten sawatawis tiyang non-Kristen ingkang ndherek panghargyan Natal wonten ing greja, ing kekantoran, utawi nindakaken ing kelompokipun piyambak. Ugi wonten kelompok-kelompok alit ingkang sami pesta omben, mabuk-mabukan, pesta narkoba ing dinten Natal. Tiyang-tiyang Kristen lan non-Kristen sami bebingah ing riyadi Natal. Lajeng punapa bentenipun kabingahaning tiyang Kristen kaliyan tiyang sanes Kristen ing riyadi Natal? Kedahipun sami kemawon utawi wonten bentenipun?

Waosan kita dinten punika nyebataken bilih para pangon ing ara-ara sami bebingah ing dinten wiyosipun Sang Kristus, Gusti. Para pangon punika sami memuji lan ngluhuraken Gusti Allah. Para pangon punika sami ngalami lan nekseni kelampahing sabdanipun Allah ingkang sampun dipun pirengaken. Sadaya sami manggihaken Sang Kristus ingkang nembe kawiyosaken. Pramila sadaya sami bebingah. Kabingahaning para pangon punika kawujudaken srana memuji lan ngluhuraken Allah ing lelampahanipun wangsul dhateng papan padamelanipun. Kabingahanipun boten namung dipun alami ing papan dunungipun Sang Kristus. Nalika wangsul saking pepanggihanipun kaliyan Sang Kristus dhateng papan padamelanipun, kabingahanipun para pangon punika boten sirna, nanging lestari, tetep dipun alami.

Kados pundi kabingahan Natal panjenengan? Punapa ugi lestari ngantos samangke lan dinten-dinten salajengipun? Swawi kagaliha sawatawis! Punapa dhasaring kabingahan Natal panjenengan? Punapa karana pasegahan dekorasi, atraksi, lan pamuji Natal ingkang gumebyar? Punapa karana ngalami lan nekseni kelampahing sabdanipun Allah? Swawi kabudidayaa ngalami lan nekseni kelampahing sabdanipun Allah wonten ing pigesangan kita, kados dene para pangon ingkang ngupadi papan dununging Sang Kristus. Amin. [st].

 “Kalakoning sabdane Allah dadi kabungahan sejati. Budidayanen!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak