Waosan : Lukas 2 : 8 – 20 | Pamuji : KPJ. 220 : 1,2,3
Nats: “Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti ana ing kuthane Dawud.” (ay. 11).
Kangge tiyang Kristen panghargyan Natal punika dipun pengeti kanthi cara ingkang maneka warni. Wonten ingkang nindakaken pangabekti dateng greja, wonten ingkang nindakaken kanthi acara panghargyan ingkang wow. Wonten ugi ingkang mengeti sacara sederhana, misalipun nindakaken natal kaliyan warga panti asuhan utawi panti jompo, sami andum berkah kaliyan sederek sanes. Wonten ingkang nindakaken aksi sosial, kanthi mbagi-mbagi sembako dateng masyarakat ing lingkungan greja. Sejatosipun Gusti Yesus miyos ing donya punika wonten papan ingkang kirang prayogi, inggih punika ing kandang mendha. Bab punika nedahaken dateng kita bilih wiyosipun Gusti Yesus kanthi cara sederhana. Gusti Allah ingkang maha Agung lan kuwaos sampun kersa ngesoraken Sariraipun manjalma dados manungsa supados manungsa pinaringan kawilujengan.
Pawartos bab wiyosipun Gusti Yesus punika kawartosaken dateng juru angon mendha. Juru angon mendha punika sanes golongan masyarakat ingkang inggil, nanging golongan masyarakat kelas mandap ingkang gesangipun sederhana. Ing perkawis punika kita mangertos bilih Gusti Allah kersa nedahaken kamulyanipun dateng manungsa ingkang asring boten dipun pandheng kaliyan sesamipun. Juru angon mendha dados saksi wiyosipun Gusti Yesus. Mekaten ugi nalika pinanggih kaliyan bayi Gusti Yesus, juru angon mendha punika tansah bingah asukarena memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Juru angon mendha punika pinaringan berkah lan sih katresnanipun Gusti.
Kados pundi anggen kita mengeti dinten Natal? Natal sejatosipun boten kawates ing panghargyan ingkang mewah, nanging panghargyan ingkang sederhana. Panghargyan ingkang saged dadosaken kita peduli dateng sesami. Kita saged bingah-bingah nyambeti rawuhipun Gusti Yesus, nanging sampun ngantos kita kesupen kaliyan tiyang ingkang taksih kekirangan, tiyang ingkang nandhang kasisahan ing antawis kita. Kabingahan ingkang kita raosaken mangga kita bagi kaliyan sesami. Natal tahun punika natal ingkang sederhana. Natal ingkang kebak makna, natal ingkang dados berkah kangge kita lan tiyang sanes. (AR).
“Nindakaken natal ingkang sederhana boten ngirangi bingahing manah nanging sangsaya nuwuhaken saos sukur dateng Gusti”