Waosan: Lelakone Para Rasul 5 : 17 – 25 | Pamuji: KPJ. 267
Nats: “Nanging bareng bengi ana malaekate Pangeran kang ngengakake lawang-lawange pakunjaran mau lan banjur ngirid metu para rasul, …” (Ayat 19)
Punapa panjenengan nate tindak dhateng penjara? Wonten ngriku kita saged mangertos kahanan para tiyang ingkang dipun kunjara punika winates, mboten saged bebas kados tiyang sanesipun. Biasanipun, tiyang punika dipun kunjara karana piyambakipun tumindak jahat utawi kriminal. Sak dangunipun tiyang punika wonten penjara, piyambakipun dipun bina sacara karohanen lan dipun latih ketrampilan supados sak sampunipun medal saking penjara, piyambakipun saged dipun tampi kaliyan masyarakat sarta makarya malih.
Waosan kita dinten punika nyariosaken para rasul ingkang dipun tangkep lan dipun lebetaken dhateng penjara (Ay. 18). Kedadosan punika awit saking raos drengkinipun Imam Agung lan para pandherekipun tiyang Saduki. Para tiyang punika mboten remen ningali para rasul martosaken Injil lan kathah tiyang ingkang sami pitados dhumateng Gusti Yesus. Nalika para rasul wonten penjara, Gusti Allah ngutus malaekatipun kangge nulungi para rasul supados medal saking penjara punika (Ay. 19). Gusti Allah lajeng ngendika, “Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh.” (Ay. 20). Para rasul lajeng nindakaken pangandikanipun Gusti punika. Saestu Gusti Allah tansah makarya, mitulungi para rasul ingkang dipun kunjara. Prekawis punika ndadosaken Imam Agung lan para tiyang Saduki sami gumun, kados pundi para rasul punika saged medal saking penjara punika.
Kawontenanipun manungsa ing satengahing gesang asring ugi kakunjara ing pepeteng. Pepeteng punika saged arupi masalah ingkang awrat, raos sumelang, pikiran ingkang awon, pepenginan, hawa nepsu, ugi tumindak jahat. Tiyang ingkang kakunjara ing pepeteng punika gesangipun tebih saking Gusti lan asring tumindak dosa. Wekdal punika kita dipun engetaken bilih Gusti Yesus sampun wungu. Para manungsa ingkang pitados lan purun mratobat kaparingan pangluwaran saking dosa. Mila gesangipun mboten kakunjaran ing pepeteng malih, nanging gesang ing pepadhang, inggih punika gesang mbangun turut dhumateng karsanipun Gusti. Mangga ing mangsa Paskah punika, kita kagungan tekad gesang ing pepadhang, awit Gusti sampun mitulungi kita lan nebus dosa kita. Amin. [AR].
“Gusti ingkang mitulungi kita kuwaos kangge nylametaken kita saking pepetenging donya.”