Buyar Malah Sumebar Pancaran Air Hidup 25 April 2024

25 April 2024

Waosan: Lelakone Para Rasul 8 : 1 – 8  |  Pamuji: KPJ. 439
Nats: Wong-wong kang buyar mau padha ndlajahi ing satanah kabeh karo ngabarake Injil.” (Ayat 4)

Panjenengan punapa nate kecelik? Mbok menawi sedaya tiyang nate ngadhepi kahanan punika. Sampun nata lan ngrancang tumindak utawi kahanan “A” kanthi tliti lan tumenen bilih mangke badhe kalampahan persis kadosdene ingkang karancang, nanging wusananipun rancangan punika benten kaliyan ingkang karancang. Sanes tumindak utawi kahanan “A” ingkang kalampahan, nanging tebih, saged “H”, “O” malah kepara kahanan “Z”. Bab punika ngengetaken dhateng kita bilih manungsa ingkang nggadhahi rancangan punika sarwa winates. Kathah bab ingkang kados-kados sampun katata kanthi saestu, nanging ing satengahing margi nemahi maneka warni prastawa ingkang ngalang-alangi.

Waosan dinten punika nedahaken kados pundi Saulus sampun nggadhahi rancangan ingkang katata tliti sak bibaripun Stefanus seda. Kadosdene Stefanus ingkang sampun kaaniaya, kahanan ingkang sami ugi katampi dening tiyang pitados ing kitha Yerusalem. Panganiaya ingkang dipun pandhegani dening Saulus punika kaudi murih sirnaning pasamuwan Kristen. Kathah tiyang kaglandhang lan kapasrahe wonten ing pakunjaran. Ingkang dados pangajengipun supados pawartos bab Injil lan Sang Masih kendel lan mboten sumebar. Nanging kadospundi wusananipun. Kedahipun tiyang pracaya bibar karana kaaniaya, mandheg ing kapracayanipun dhumateng Sang Kristus, nanging punika malah sumebar. Sedanipun Stefanus lan panganiaya ingkang dipun alami murugaken kathah tiyang ingkang suwaunipun ngempal ing tlatah Yerusalem pating sumebar. Pawartos kawilujengan krana Sang Kristus ingkang saderengipun namung dipun mirengaken dening tiyang ing tlatah Yerusalem lajeng sumebar. Salah satunggalipun kancanipun Stefanus, inggih punika Filipus (6:3-6) ingkang tindak tlatah Samaria martosaken Sang Mesih dhateng tiyang ing ngrika lan ngawontenaken sadhengah pratandha kamulyanipun Gusti. Ingkang kapanjingan dhemit, lumpuh lan pincang sami saras, lan ndadosaken kathah tiyang ing Samaria sami saiyeg nampeni pawartos kawilujengan kanthi sukabingah.

Karibetan punapa ingkang  kita adhepi samangke? Sampun ngantos sedaya punika mbibaraken pangandel kita dhumateng Gusti lan murugaken pakaryanipun Gusti lumantar kita mandheg. Linambaran kapitadosan lan kasetyan, sumangga kita tansah nyebar pawartos rahayu ing gesang padintenan. Amin. [KRW].

“Sinarengan kaliyan Sang Kristus, pakaryan sae tansah sumebar senaosa kaalang-alangi supados buyar.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak