Waosan : 1 Samuel 17 : 1 – 19 | Pamuji : KPJ 103
Nats : “Anadene Dawud iku saben-saben mulih menyang omahe sawise seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul banjur ngengon wedhuse bapakne ana ing Betlehem [ayat 15]
Cariyos Bab Prabu Dawud ing gesang iman lan kapitadosan kita dados cariyos ingkang misuwur awit asring dipun cariyosaken datheng lare-lare wiwit alit. Biasanipun para pamong nyariosaken bab Dawud ingkang menang nalika nglawan Goliat. Sesarengan kita badhe migatosaken bab kenging punapa Dawud saged kiat ugi saged menang saking Goliat. Ing wiwitan kacariosaken bilih Goliat nantang wadyabala Israel. Kacariyosaken ing Ayat nalika dipuntantang dening tiyang-tiyang Filistin, sang prabu Saul nggadahi raos ajrih ing manah. Saul ajrih awit Sang Roh Suci sampun mboten dedalem wonten ing manahipun. Mula sinaoso taksih dados Raja, Saul sampun mboten gadah kadigdayan kados sakderengipun.
Nalika semanten Dawud taksih dereng dados tiyang ingkang misuwur. Piyambakipun namung dados paladosipun Prabu Saul. Ananging Dawud ngayahi menapa kemawon ingkang dados tanggel jawabipun kanthi setya tuhu lan manah ingkang tulus. Piyambakipun ngaturaken tetedhan kanthi tulus. Katresnan tumrap punapa ingkang kedah dipunayahi punika kapirsa dening Allah. Satemah Allah nresnani Dawud lan Dawud kapiji dados tiyang ingkang nampi kanugrahan lan berkah saking Allah.
Sumangga kita niti priksa dhiri kita piyambak-piyambak, punapa wonten ing gesang kita, kita sampun nggadahi manah lan tresna ingkang tulus kados dene Dawud. Sampun ngantos kita nggadahi manah ingkang ajrih kados dene Prabu Saul. Ingkang ndadosaken Dawud kapiji dados Prabu utawi Ratu sanes kakiyatan badanipun ananging kapitadosan lan iman ingkang tansah kapasrahaken dateng Gusti. Ugi kasetyan ingkang tansah dipun wujudaken lumantar tindhak-tandhukipun. Swawi kita pitados bilih menawi kita nulad gesangipun Dawud, kita ugi badhe kapiji deneng Gusti lan nampi kanugrahan ingkang sejati. Awit Gusti Allah punika Allah Rama ingkang mirsani manah kita. Bilih Gusti sampun kersa ngutus, Roh Suci ugi badhe nganthi lan dados pepadhang wonten ing gesang kita. [ASN]
“Andhap-asoring manah ing ngarsanipun Gusti wujud tuwuhing iman lan kakiyatan ingkang sejati”’