Datang Gadug Renungan Harian 25 Agustus 2020

25 August 2020

Waosan :  Rum 11 : 33 – 36    |  Pamuji  : KPJ.  204 : 1
Nats:
Wah,  saiba agunging kasugihan, kawicaksanan sarta kawaskithane Gusti Allah! Kabeh putusane pranyata tan kena jinajaga, sarta kabeh tindake ora kena katlusur.” (ay 33)

Watawis tigang taun kapengker, leresipun ing wulan April 2017, para ilmuwan kasil motret black hole. Black hole punika planet monster semesta ingkang ukuranipun sanget-sanget- sanget ageng lan saged nyedhot punapa kemawon ingkang wonten sakiwa-tengenipun. Agengipun ngedab-edabi, kaping 6 miliaripun srengenge. Awratipun kaping 6,5 miliaripun srengenge. Tebihipun saking bumi 50.000.000 tahun cahaya utawi kirang-langkung 500 miliar kilometer. Ningali angka samanten kathahipun mbok manawi kita namung saged ndomblong, mbayangaken kemawon boten kuwawi. Kamangka punika nembe salah satunggaling titahipun, punapa malih yen kawontenanipun Gusti Allah piyambak kita mesthi datan gadug.

Rasul Paulus paring pepenget tumrap para tiyang Kristen ing kitha Rum supados boten kesupen dhateng kaluhuran saha kamulyanipun Gusti Allah. Pranyata Gusti Allah punika Mahasugih, Mahawicaksana, Mahawaskitha, sadaya putusanIpun boten kenging dipun jajagi lan tindakIpun boten kenging dipun tlusur. Dene manungsa punika titah alit ingkang asalipun saking lebu kemawon. Pikiranipun cupet, kasagedanipun winates lan kawontenanipun boten langgeng. Pramila saking punika sampun ngantos wonten tiyang ingkang rumaos pinter saged nyameni utawi malah nglangkungi Gusti Allah. “Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe …” (Ay. 25). Samukawis sadaya pinangkanipun saking Panjenenganipun, amargi Panjenenganipun sarta kagem Panjenenganpun: Panjenenganipun ingkang kedah kamulyakaken salami-laminipun.

Gesangipun manungsa ing jaman modern punika sansaya tumata lan terprogram, sadaya ingkang badhe dipun lampahi dipun rancang kanthi njlimet. Manawi ingkang kalampahan pranyata boten cundhuk kaliyan ingkang dipun rancang lajeng kadospundi? Manungsa saged gela lan stres utawi saged ugi lajeng maiben lan nglepataken Gusti Allah. Sejatosipun boten pareng kados makaten. Minangka para kagunganipun Gusti kedahipun kita tansah masrahaken sadaya prakawis wonten ing panguwaosipun Allah. Pitados kemawon bilih rancanganipun Gusti punika mesthi ingkang paling sae tumrap kita. (Esje)

“Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira lan dalanira iku dudu maginingSun”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak