Piwulang Luhur Renungan Harian 24 Februari 2019

24 February 2019

Waosan : Lukas 6 : 27 – 38 | Pamuji : KPJ 136 : 3, 4
Nats : “Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong.“ [ayat 31]

“Biyen wong-wong Kristen iku kondhang dadi wong sing apik banget watak lan tingkah lakune. Kabecikane ketok cetha banget tur luwih gedhe tinimbang sing dudu Kristen. Wong-wong Kristen padha jujur-jujur olehe nyambut gawe. Atine kebak sih katresnan lan tangane gampang tumulung nulungi wong liya, luwih-luwih nyang wong sing kesrakat (menderita) uripe. Sesomahane wong Kristen kaya-kaya ora ana sing pegatan. Anak-anak sasedulur padha rukun lan ngajeni banget wong tuwane. Pancen ana sing nglakoni piala (kejahatan) lan dikunjara, nanging mung sethithik, arang-arang banget.”

“Ing jaman saiki…, watak lan tingkah lakune wong Kristen kaya ora ana bedane karo sing dudu Kristen, kabecikane ora ketok menjila (menonjol). Yen dititik saka jenenge, akeh banget wong Kristen sing nglakoni piala. Akeh wong Kristen sing didakwa lan divonis merga nglakoni korupsi. Akeh wong Kristen sing sugih nanging ora perduli karo tanggane sing mlarat; akeh sing ora srawung karo tanggane lan ora aruh-aruh (menyapa) tanggane utawa wong liwat. Akeh banget wong Kristen sing pegatan karo bojone merga selingkuh. Akeh wong Kristen sing konflik utawa tukaran karo dulure dhewe, ora rukun merga prekara warisan utawa sabab liyane. Akeh wong Kristen sing ora ngajeni lan tega sarta ora nggatekne wong tuwane. Akeh wong Kristen sing seneng mabuk omben, sing nganggo narkoba. Akeh wong Kristen sing nglakoni macem-macem piala liyane…”

“Nek tak rasak-rasakne, sakjane piwulange Gusti Yesus iku elok, utama lan luhur banget. Lho… mungsuh kok kongkon ditresnani, wong sengit kok kongkon didongakne, wong sing nyupatani (mengutuk) kok kongkon dijalukne berkah menyang Gusti Allah… Weh…jan luhur tenan piwulang watak lan elmu laku iki. Apa ana ya agama utawa guru sing mulang kautaman kaya ngene iki? Ketoke ora ana, kajaba Gusti Yesus dhewe.”

“Weh… mendah nlangsa lan kuciwane Gusti Yesus mirsani watak lan tingkah lakune wong Kristen jaman saiki kaya ing ndhuwur mau, beda banget karo piwulange sing luhur banget mau. Muga Gusti paring pangapura…. Ah… aku karo keluargaku kudu lan arep nglakoni piwulange Gusti sing luhur iku.” [st]

“Mugi Gusti paring kakiyatan kawula nindakaken piwulang luhur Paduka!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak