Waosan : Lukas 12 : 57 – 59 | Pamuji : KPJ 186
Nats : “Amarga, manawa kowe karo lawananmu padha arep ngadhep marang ing ngarsane pamarentah, ana ing dalan ngudia rukun karo wong mau.”[ayat 58a]
Tiyang Jepang nggadhahi cara ngudari prakawis kanthi madosi punjering masalah ngantos ing oyot-oyotipun kang disebat “Nase-nase”. Cara menika mboten namung ningali prakawis ingkang ketingal wonten dhuwur kemawon nanging tansah neliti ngantos ing punjering prakara rumiyin nembe dipun upadi caranipun ngrampungaken.
Contonipun menawi wonten calon majelis ingkang mundur saking pilihan, mboten saged panitia ngecap piyambakipun sampun mbeling saking timbalan peladosan. Kedah dipun titi priksa rumiyin kenging menapa piyambakipun mundur. Alesan ingkang asring kita pirengaken inggih menika krana taksih dereng pengalaman. Alesan menika saged dipun teliti malih kenging menapa dereng pengalaman? Kepanggih amargi warga jajar mboten nate dipun jadwal ngladosi ing pangibadah. Saking prakawis menika taksih saged dipun teliti malih, kenging menapa mboten nate ngladosi ing pangibadah? Wangsulanipun karana warga mboten purun dipun ladosi dening warga jajar lan nyuwun ingkang ngladosi namung majelis.
Punjering prakara bab warga mboten purun dipunladosi dening warga jajar menika ingkang kedah dipun rampungi langkung rumiyin. Cara ngrampungi : warga jajar ingkang bade lelados kedah dipun cawisaken rumiyin lan warga patunggilan kedah dipun paringi pirsa bilih peladosan saking warga menika langkung prayogi kangge gladi warga
jajar supados siaga nampi tanggel jawab ingkang langkung ageng. Pangudaring prakara ingkang dipunwiwiti saking punjering prakara menika dipun pracaya tiyang Jepang kangge ngrampungi sawernaning prakawis.
Gusti Yesus paring piwulang lumantar waosan dinten menika sageda para murid ngrampungi sadaya prakawis sak derengipun dados ngambra-ambra. Pasulayan wontening gesang bebrayan sageda dipun rampungi kanthi purun paring pangapunten lan sami ngajeni tiyang sanes utawi sadherek patunggilan.
Kathah perkawis ingkang punjeripun krana manungsa namung nuruti kekarepanipun piyambak utawi egois. Bab nganggep diri pribadi paling leres menika ingkang kedah dipun rampungaken kanthi cara gladi diri ngajeni sinten kemawon. Sumangga kita wiwiti sedaya lelampahan gesang kanthi sami ngajeni lan nresnani sesami kita. Amin. [DKR]
“Tuku kelapa neng Sidoarjo, sumangga kita tansah asih tresna.”