Waosan : Kejadian 33 : 1 – 17 | Pamuji : KPJ 292 : 1
Nats : Dene Yakub dhewe lumaku ana ing ngarepe sarta sumungkem ing bumi rambah ping pitu, nganti tekan ngarepe kangmase. Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep, dirangkul gulune sarta diarasi, sakarone padha nangis”.[ayat 3, 4]
Ing gesang kita, tamtu nate crah kaliyan sadherek utawi kanca raket. Kakang adhi mboten celak malih, kepara malah njegal sadherekipun supados njungkel. Kanca raket dumadakan dados mengsah. Menawi boten purun ndandani sesambetan, masalah boten saged rampung, kamangka saben minggu tindak greja, saben dinten lumebet ing swasana sidhem.
Yakub ajrih pinanggih kangmasipun Esap. Karana prakawis ingkang sampun kadadosan inggih punika:
- Yakub apus-apus supados Esap purun maringaken hak kesulungan (dipun ijoli masakan kacang merah), Yakub ngrebut hak kesulungan ipun Esap,
- Yakub ngapusi rama nipun (memba-memba dados Esap supados saged nampi berkah saking ramanipun). Wusananipun Yakub ingkang nampi berkah. Esap muntap lan nggadhahi rencana mejahi Yakub. Yakub mlajeng tebih dhateng Laban, sadherekipun keng ibu.
- Watawis 20 tahun Yakub mboten kepanggih Esap. Yakub kepengen manggihi Esap. Piyambakipun ndedonga dhumateng Allah sakderengipun manggihi Esap, nyuwun pitulungan lan panganthinipun Gusti.
Kangge manggihi Esap, Yakub ngrancang barisan paling ngajeng batur lan anak-anakipun, Lea lan anak-anakipun ing wingkingipun, Rakhel lan Yusuf ing barisan paling wingking. Yakub mlampah paling ngajeng kanthi sungkem ing bumi rambah ping pitu, punika nggadahi artos bilih Yakub paring hormat lan ngasoraken dhiri dhateng kangmasipun. Piyambakipun sedya pisungsung minangka paring angsulan awit berkat ingkang sampun dipun rebut saking Esap.
Yakub ngupadi ndandosi sesambetanipun kaliyan kangmasipun. Gusti nganthi Yakub mila niatipun rekonsiliasi saged kaleksanan kanthi sae. Karana panganthi Gusti, Esap purun ngapunten Yakub.
Nyuwun pangapura lan paring pangapura sejatosipun mboten gampil dipuntindakaken.
Apura ingapura, mbetahaken andhap asoring manah ngakeni sedaya kaluputan lan mbetahaken manah ingkang jembar. Mangga mbudidaya gesang apura ingapura wonten gesang padintenan. Amin. [YEW]
“Permintaan maaf adalah lem super kehidupan. Hal ini dapat memperbaiki apa saja.”