Waosan: Purwaning Dumadi 16:7-15 | Pamuji: KPK 59
Nats: ”Sira balia marang bendaranira… (ayat 9)
Minggat ateges nilaraken griya tanpa pamit. Kenging punapa tiyang saged minggat saking griya? Wontenipun crah lan dredah ing salebeting griya, ing masyarakat, makaten ugi ing gesang pasamuwan ingkang boten saged karampungaken ndadosaken tiyang nilaraken griya tanpa pamit. Perkawis punika nate dados lelagon campursari, kanthi irah-irahan “Sri Minggat”. “Sri kapan kowe bali, kowe lunga ora pamit aku, jarene neng pasar, pamit tuku trasi, nganti saiki kowe durung bali…” Perkawis punika dados kaprihatosan menawi ngantos kalampahan ing gesang kita.
Brayatipun Rama Abraham nate ngalami perkawis punika. Awit mboten kiyat ngadepi panindhesipun Ibu Sarai ingkang sanget, Ibu Hagar lajeng minggat. Ibu Hagar mlajeng ngantos dumugi secelakipun belik ing pasamunan, ing margi ingkang anjog ing Syur. Sasampunipun minggat, kawontenaning Ibu Hagar mrihatosaken sanget. Perkawis punika saged kita mangertosi saking pangandikanipun Malaekatipun Sang Yehuwah,…. ”…awitdene Sang Yehuwah wus nguningani kasangsaranira” (ayat 11). Awit minggat saking dalemipun Rama Abraham, Malaekatipun Sang Yehuwah manggihi ibu Sara supados kersa wangsul. ”Sira balia marang bendaranira… (ayat 9). Senaosa dados garwa selir, nanging Gusti Allah tetep mboten negaaken lan paring berkah (ayat 10) .
Wontenipun momotaning gesang, crah saha dredah ing pigesangan kita, sae wonten ing gesang bebrayatan, ing masyarakat, makaten ugi ing gesang pasamuwan asring nggodha kita kangge pilih margi ingkang cekak, mlajeng saking kasunyatan. Cariyos ngengingi minggatipun Ibu Hagar saking dalemipun Rama Abraham, ngengetaken kita supados mboten mlajeng saking kasunyatan. Kasunyatan ingkang pait lan mboten sekeca kedah dipun adhepi kanthi legawaning manah. Gusti mboten marengaken kita dados tiyang ingkang “pengecut”. Minggat lan mlajeng saking kasunyatan mboten badhe ngrampungaken masalah ingkang kita adhepi. Gusti mboten badhe negaakaken kita. Amin. (SWT).
“Masalah kanggo diadhepi, ora kanggo diselaki”