Waosan: Roma 13:11-14 | Pamuji: KPK 163:1-3
Nats: Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (Minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane. ( ayat 14 )
Menapa tasih emut kalian lagu menika:
Bangun tidur, tidur lagi
Bangun lagi, tidur lagi
Banguuunnnn, tidur lagi
Lagu ing inggil punika, lagu ingkang nate kondhang nalika mbah Surip taksih gesang. Tidur menika tumindaking manungsa nalika sampun sayah. Sare kanthi tujuan supados badanipun nggadhahi daya malih. Benten kaliyan tembung tidur-tiduran. Tidur-tiduran umumipun dipuntindakaken dening tiyang ingkang saweg males makarya/nyambut damel. Ing waosan kita punika ingkang dipun maksud sare, sanes sare sacara jasmani ananging sare sacara karohanen.
Kadospundi wujud wungu saking sare ing ayat 12-14? Miturut Rasul Paulus, wungu menika ateges njagi pigesangan supados tansah suci. Rasul paulus ngemutaken bilih gesang suci punika saged dipun tampi nalika kita ngadhahi katresnan ( ayat 8-10). Lajeng kados pundi kita saged njagi supados pigesangan kita tetep suci ? Rasul Paulus dhawuh inggih menika kanthi nilar gesang ingkang lami (ayat 12). Gesang ingkang lami menika gesang ing pepeteng inggih menika gesang ingkang nindakaken prekawis-prekawis ala. Tumindak-tumindak ala menika pepeteng ingkang kedah kagantos kaliyan gesang ingkang ngasta gegamaning pepadhang.
Gesang ing pepeteng kedah enggal tinilar awit sakedhap malih sampun raina: iki wus lingsir wengi wus meh raina. Ing wanci raina, sedaya bab badhe langkung gampil dipunpirsani. Mila Rasul Paulus mbereg : mulane payo kita padha ngeruncat sakehing pratingkahing pepeteng. Tegesipun kita dipun emutaken supados kita lumaku kang patut, kang sembada, sampun ngantos nguja memangan serta endem-endeman, lan ngumbar hawa-nepsu, sarta tukar padu lan kumeren. Gesang dados putraning Allah ngemu teges bilih gesang kedah kalampahan ing pepadang, saged musataken gesang punika ing Kristus Yesus (ayat 14) Bilih kita boten saged musataken pigesangan kita ing Kristus Yesus, kita boten badhe saged nilar gesang ing pepeteng.( Dino )
“Ayo tangi Ojo Turu Wae”.