Rabi Kang Cakep Renungan Harian 23 September 2018

23 September 2018

Waosan: Wulang Bebasan 31:10-31 I  Pamuji: KPJ 203
Nats: “Tansah gawe becik marang kang lanang, ora tau ditanduki ala, ing sajege uripe” (ayat 12)

Sawijining dinten ing pangabekti emeritasi pendhita, sasampunipun mangabekti, kaleksanan adicara sesorah utawi sambutan. Ing salebeting sesorah, pak pendhita ingkang sampun emeritus punika ngendika: “Trimakasih bahwa selama pelayanan, semata bukan diri saya yang berhasil, tetapi karena ada wanita hebat di samping saya, yang setia mendukung saya”. Warga ingkang rawuh ngabekti sami keplok-keplok ateges ndherek bingah krana ingkang garwa / sisihan pak pendhita punika tansah nyengkuyung semahipun anggenipun leladi ing kebon angguripun Gusti, ing salebeting gesanging pasamuwan. Kados mekaten ugi pangalembananipun Lemuel, Ratu ing Masa, ingkang kawulang wuruk saking ibunipun.

Manungsa saged kagungan kapinteran sundhul langit, bandha donya linuwih, kagungan rupa ingkang ayu kadya widadari. Nanging menawi tebih saking kawicaksanan, sedaya ingkang kita duweni punika tanpa gina. Awit kawicaksanan boten saged tinumbas dening arta saha rupa, nanging kawicaksanan punika mili saking katresnanipun Gusti.

Cetha wela-wela bilih linambaran kawicaksanan, rabi punika dados tiyang cakep. Cakep utawi cakap (basa Indonesia), Chayil (basa Ibrani) ateges: “kakuwatan, kasagedan saking bala tantra, daya pangwasa ingkang agung lan ngedab-edabi! Mekaten ugi Chayil punika nggambaraken lembah budinipun tiyang wadon.” Tegesipun, wujuding campuran antawis kakuwatan lan lembah budi nyawiji nglairaken kapribaden enggal, lebur nyawiji ing gesanging rabi ingkang cakep. Kados pundi rabi ingkang cakep punika?

  1. Nindaaken pedamelan boten kanthi nggresula, leladi jroning ati, ngutamaaken kabetahanipun brayat tinimbang kabetahanipun piyambak,: ayat 13-20. Peteng sampun tangi nyedhiani pangan kanggo saomah,… (ayat 15).
  2. Nggadhahi rerancangan ingkang sae. (ayat 21-22) Ayat 21 nyerat: ing mangsa tiba salju, nyedhiani ageman rangkep.
  3. Tansah nggadhahi semangat lan optimisme bab masa depan. Ing ayat 25 kaserat: tumrap dina buri mung ngguyu wae.
  4. Wedi asih dhateng Sang Yehuwah. Ing ayat 30 kaaturaken: …wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana. (pong)

“Ajining dhiri saka lathi, ajining raga saka busana, ajining bebrayatan saka olah kawicaksanan

Renungan Harian

Renungan Harian Anak