Waosan: Jabur 126 : 1 – 6 ǀ Pamuji: KPJ. 346a : 1, 3
Nats: “Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili, bakal ngeneni kambi giyak-giyak.” (Ayat 5).
Kangge para among tani, nandur punika dados prekawis ingkang saben dinten dipun lampahi. Para among tani sampun mangertos kanthi saestu kados pundi anggenipun ngupakara tetaneman, mangertos kapan wekdalipun ngrabuk, kapan wekdalipun panen. Ananging kangge saperangan tiyang ingkang miwiti remen tetandur, sedaya proses ingkang kalampahan kalawau dados pengalaman enggal lan mbetahaken perjuangan. Wekdal wiji ingkang kita tanem thukul, ngedalaken godhong, lan ngrembaka, saya bingah menawi taneman kalawau milai pentil lan ngedalaken woh ingkang sae. Senadyan taksih kalih utawi tiga wohipun, kita sampun bingah sanget karana rumaos kasil anggen kita ngrimati taneman punika, lajeng dipun foto lan dipun bagi wonten sosial media kados FB,IG, lan WA saking bingahipun.
Bangsa Israel saestu ngraosaken awrating gesang nalika wonten ing nagri pambucalan. Bangsa ingkang kulina kaberkahan, kulina menang, kulina dipun kanthi dening Gusti, sapunika ngraosaken panandhang kasisahan karana panguwaosing bangsa Babel. Ing ngriki namung Gusti Allah kemawon ingkang saged paring pitulungan. Raos katresanipun Gusti Allah dhumateng umatipun mboten nate luntur, senajan ageng saha lebet dosa durakaning umatipun Israel. Gusti Allah badhe mujudaken katresnanipun ngluwari Bangsa Israel ingkang nandhang kaprihatosan. Kados pundi swasana manah tiyang ingkang nandhang kaprihatosan lajeng pikantuk pangluwaran? Miturut Juru Jabur ing ayat 5 kasebataken, “wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili, bakal ngeneni kambi giyak-giyak.” Ewah-ewahan punika mboten namung sekedhik utawi alit ananging saestu nglegaaken. Gusti badhe paring pangluwaran ingkang sejati ngantos bangsa Israel punika pulih lan binerkahan malih.
Sapunika mbok menawi kita saweg ngupaya nglampahi gesang sae, ngrintis usaha, ngrampungaken studi, pados jodho, malah ugi ngupaya pikantuk pangapura, luwar saking dosa. Upaya punika ingkang asring ndadosaken kita mbrebes mili. Mangga kita nyuwun supados Gusti Allah tansah nyarengi ing satengah upaya kita. Ewah-ewahan sekedhik kemawon tamtu badhe saestu mbingahaken. Menawi kita tansah nyenyuwun saha rumaket dhumateng Gusti, Gusti Allah ugi badhe nyampurnaaken perjuangan kita, ingkang mboten namung ndadosaken kita mesam-mesem ananging ugi sorak-sorak. Amin. [PKS]
“Payo padha semangat, aja nganthi nglokro!”