Waosan: Jabur 93 : 1 – 5 | Pamuji: KPJ. 34
Nats: “Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin, wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten.” (Ayat 2)
Sinten manungsa ing donya ingkang mboten nate ngadhepi panandhang? Kadosipun mboten wonten. Sadaya tiyang, pinten kemawon yuswanipun lan kadosa pundi kiyatipun, mesthi nate ngraosaken gesang ingkang awrat. Kangge saperangan tiyang, panandhang saged murugaken gesang ingkang lungkrah tanpa daya. Nanging, kangge saperangan tiyang sanesipun, panandhang saged nuwuhaken kadiwasan, manahipun tansaya tatag lan kapitadosanipun tansaya tangguh.
Tiyang ingkang nglokro lan lungkrah nalika ngadhepi masalah limrahipun karana rumaos mboten kuwagang ngadhepi lan gesangipun sarwa winates. Pramila rumaos mesthi badhe kalah. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang tansaya tatag manahipun nalika ngadhepi masalah, karana nggadhahi kapitadosan bilih wonten Gusti ingkang tan winates senaosa gesangipun punika sarwa winates. Pemanggih punika ingkang dados pangakenipun Sang Juru Mazmur ingkang saestu pitados bilih Gusti Allah punika Ratuning kelanggengan ingkang nglangkungi sadaya ingkang wonten ing jagad. Pakaryanipun Allah karaosaken kanthi nyata ing pigesangan, kadosa pundi kahananipun. Panjenenganipun rawuh lan njumenengi sadaya isining jagad. Kamulyanipun Gusti katitik wonten ing kumrasaking toya lepen, punapa dene jumleguripun alun seganten, malah kepara nglangkungi sadaya punika. Inggih, nglangkungi bab ingkang sae punapa awon ingkang kelampahan.
Pramila, menawi kita rumaos bilih gesang ing donya punika awrat lan kebak tantangan, sumangga kita sami enget bilih Gusti Allah kita punika tan winates. Panjenenganipun nglangkungi sadaya bab ingkang kalampahan wonten ing gesang kita manungsa. Punapa ingkang kita lampahi ing donya punika, mesthinipun tansaya ndadosaken kita ngener ing Gusti, ratuning kelanggengan. Sadaya ingkang sampun, saweg, lan badhe kedadosan tansah kawengku ing astanipun Gusti. Panjenenganipun tan winates, nglangkungi samubarang. Samangke, kita kedah mbangun sesambetan ingkang caket kaliyan Gusti supados nalika gesang wonten donya punika kebak panandhang, sampun ngantos kita nglokro, lungkrah, lan kalah, nanging tansaya jejeg lan tatag. Amin. [KRW].
“Masalah gilir gumanti, Gusti ingkang tan winates mesthi bakal nganthi.”