Tansah  Ngupadi Dados Tiyang Suci Pancaran Air Hidup 23 November 2023

23 November 2023

Waosan: Wahyu 14 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 188
Nats: “Lan ing cangkeme ora tinemu kang cidra; wong iku padha tanpa cacad.” (Ayat 5)

Mbok bilih kita nate manggihi tiyang, sasampunipun nindhakaken kalepatan, lajeng nyuwun pangapunten tumrap kalepatanipun dhateng kita utawi tiyang sanes. Asring kathah-kathahipun tiyang ingkang lepat kalawau lajeng mungkasi pangapunten ingkang dipun aturaken punika kanthi pitembungan, “Neng donya iki ora ana wong kang suci.” Kados pundi raos penggalih panjenengan bilih wonten tiyang ingkang nyuwun pangapunten lajeng ngaturaken tembung ingkang mekaten kalawau? Tamtu kita sami mengertosi bilih boten wonten satunggal tiyang ingkang gesang wonten ing alam donya punika saged uwal saking dosa lan kalepatan, boten wonten tiyang ingkang suci. Ananging nalika tembung “ora ana wong kang suci” punika dipun lairaken dening tiyang ingkang nindhakaken kalepatan, saged kemawon tembung punika namung dipun ginakaken kangge mbelani dhirinipun piyambak lan nyuwun pemakluman tumrap kalepatanipun dhateng tiyang sanes.

Kasadharan bilih boten wonten tiyang ingkang suci punika boten saged dipun ginakaken dados alasan supados tiyang sanes purun paring pemakluman tumrap kalepatan dhateng kalepatan ingkang sampun dipun tindhakaken, punapa malih dipun dadosaken alasan supados kita saged nindakaken kalepatan-kalepatan sanesipun: “yo wes wajar to, aku tumindhak salah, wong manungsa iku ora ana sing suci.” Bilih sampun kados mekaten, nggih saged buyar tatanipun donya, karana sadaya tiyang boten purun nyadari kalepatanipun kanthi jujur lan tulus, lajeng purun ngupadi gesang ingkang sae.

Waosan kita ing dinten punika ngajak kita purun ngupadi dados tiyang ingkang suci wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Cetha sanget kaserat wonten ing ayat 7: “Padha wedi-asiha marang Gusti Allah lan caosana kaurmatan, awit wektuning pangadilane wus teka, sarta padha sujuda marang Panjenengane kang wus nitahake langit lan bumi.” Karana kanthi ngupadi dados tiyang ingkang suci, kita badhe kauwalaken saking paukumanipun Gusti. Mugi kita kasagedna nindakaken tumindak gesang ingkang sae sarta gesang suci turut karsanipun Gusti. Amin. [YEP].

“Pancen boten wonten tiyang ingkang suci, ananging rahayu tiyang ingkang purun ngupadi.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak