Ewah Pancaran Air Hidup 23 November 2022

23 November 2022

Waosan: Yesaya 60 : 8 – 16 | Pamuji: KPJ. 136
Nats:
“Minangka gegentine kaananira biyen, nalika sira katinggal, disengiti lan ora ditekani ing wong siji-sijia, saiki sira bakal Sundadekake kaluhuran kang langgeng, dadi kabungahan turun-tumurun.” (Ayat 15).

Manungsa punika gampil ewah: gampil ewah dados awon lan ugi saged ewah dados sae. Tiyang ingkang swaunipun tansah lembah manah lan sabar, gampil ewah dados galak. Tiyang ingkang swaunipun sregep sanget dhateng greja, saged ewah dados kesed (malas) utawi malah nilar Gusti Yesus. Tiyang ingkang swaunipun awis-awis tindak greja lan remen damel dosa, saged ewah dados mursid (saleh). Ingkang swaunipun namung peduli dhateng kasenenganing pribadi, saged ewah dados gemati utawi tansah nggatosaken lan mitulungi tiyang sangsara. Mawarni-warni kawontenan lan lelampahaning gesang ingkang saged murugaken manungsa dados ewah. Gusti Allah ugi saged lan karsa ngewahi gesanging manungsa. 

Waosan kita dinten punika ngandharaken karsanipun Allah ingkang badhe ngewahi gesanging umatipun. Ingkang swaunipun dipun singkiri dening tiyang sanes, badhe kadamel dados kaluhuran lan kabingahan langgeng. Swaunipun dipun singkiri karana gesangipun awon lan patrapipun boten ngremenaken. Ewah-ewahan dados kaluhuran lan kabingahan awit saking pakaryanipun Allah, ndamel gesangipun endah lan mbingahaken. Satemah, tiyang kathah badhe sami murugi kanthi andhap asor lan masrahaken atur-atur (peparing). Ewah-ewahan punika dipun tindakaken dening Gusti Allah. Anggenipun Gusti Allah ngewahi gesanging umatipun punika, boten mesthi katindakaken piyambak, nanging saged ugi lumantar pakaryaning para nabinipun, lumantar tiyang sanes utawi kanthi mberkahi pambudidayanipun manungsa.

Gusti Allah tamtu ngersakaken kita ugi tansah ngalami ewah-ewahan dados leres lan sae. Kanthi mekaten tiyang sanes badhe remen murugi kita. Awit kaleresan lan kasaenan tamtu ngremenaken lan mbingahaken. Kita pasrahaken gesang kita dhumateng Astanipun, supados dipun ewahi dados kaluhuran lan kabingahan langgeng. Gusti Allah badhe makarya ngewahi gesang kita. Ewasamanten, kita ugi kedah tetekat lan mbudidaya ngewahi watak lan patrap kita dados leres lan sae. Amin. [st].

“Kabeneran lan kabecikan, iku dadekna pakulinan!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak